Aja Takon Bae Gen !

Cerita ringan Dr Maufur tentang dua sahabatnya di Tegal: Agil Riyanto dan Mudjiono. Kisah guyon penuh sindiran soal kebiasaan takon lan nunggu jawaban.
Daning : Dr Maufur
“AJA gelem dikongkon yen durung wani, aja kakean takon yen bakale ngisin-ngisini.”
Nyong ning Tegal kye nduwe kanca akrab akeh, salah lorone (dudu salah sijine loh..) sing pan tak ceritakena arane pak Agil Riyanto lan pak Mudjiono.
Pak Agil Riyanto saiki dadi juragan blengong goreng aran ABG alias Agil Bebek Goreng, buka warune ana ning Tegal, Pekalongan, Batang, lan ning Tasik Malaya (dudu malaya malesia).
Yen pak Mudjiono, ngurus yayasan pendidikan sing ngelola SMK Medika Tegal. Wong loro kye pada-pada mantan anggota DPRD Kota Tegal tahun 2004-2009.
Kae yen ngarani nyong, seringe ya mantan wakil wali kota.
Baca Juga: Kalender Jawa Weton Hari Ini 6 Maret 2026, Jumat Pahing Rezeki Lancar dan Keuangan Stabil
Padahal,.. nyong wis ngandani yen nyong kye wakil wali Kota Tegal paling disit alias pertama, ora usah nganggo mantan.
Gemiyen lagi pada-pada nyambut gawe ning pemerintahan sering nemen kumpul, ngobrol, guyon, pit-pitan.
Pak Agil angger nganakna acara temu kader partai nggo ngayaki karepe bae ngundang nyong, kongkon melu-melu ngomong.
Sokane nyong malah teka ndisit, wonge tesih secuil, nyong dijor kelowor ngenteni. Kanggo njaga kekancan, nyong ya wis nurut bae.
Bengi kuwe pak Agil pidato, monine: “Yth Pak Maufur.., sing tak hormati pak camat, pak lurah, dan sedulur-sedulur kabeh sing ora bisa tak sebutna arane siji siji”.
Pas rampung ngomong ora bisa nyebutna siji-siji, nyong nein kode karo deweke.
Pak Agil mandeg ngomonge, ngadep nyong karo takon, “Ana apa pak Maufur?”
Nyong njawab, “Sampeyan pengin bisa nyebut tamune siji-siji?”
Pak Agil penasaran takon maning, “Iya priben pak?”
Terus nyong njelasna, “Kae kan ana daftar hadir, ana arane kabeh, yen pengin nyebut siji ya tak jukutna. Tak jamin bisa nyebut siji-siji.”
Krungu omongane kaya kuwe pak Agil mesam-mesem karo ngomong lirih,
“Asem, tak kira sih apa. Tapi iya bener ta bener”.
Seasline deweke dudu ora bisa, tapi ora pengin. Soale angger dionekna arane siji-siji, engkone suwe ora jamak.
Sejen maning karo pak Mudjiono. Deweke kye nduwe kekarepan pengin ngertine gede, dadi ya sering takon. Takone ya apa bae, sakemutane.
Saben ketemu nyong, deweke kayong gatel, sadelat-delat takon, sadelat-delat takon.
“Pak Maufur, yen kye donge kepriben sih.....yen kae sih kaya apa.......bisane kaya kiye kenang apa....?” lan liya-liyane.
Dina kuwe ning acara penting, pak Mudji takon soal penegerian UPS.
Nyong pan njawab, tapi ora kepenak karo tamu liyane.
Nah... ben ora takon terus, nyong nguja nyelimurna deweke.
“Pak Mudji, sabenere nyong kye pan njaluk tulung karo njenengan. Bisa pak?”.
Langsung pak Muji ndelengna nyong, terus takon, “Pak Maufur pan njaluk tulung apa karo nyong?”
“Ora saiki pak, engko bae. Soale kye lagi acara.”
Nyong meneng, pak Mudjiono ya melu meneng, dadi pada-pada meneng.
Bedane nyong meneng merga ngerongokna wong pidato, pak Muji meneng karo mikir, kira-kira pak Maufur pan njaluk tulung apa ya (ndeaaaan...).
Anjog acara bubar, nyong terus lunga, pak Muji ya kaya kuwe, soale deweke ana acara liyane.
Sauwise pitung dina, nyong ketemu pak Mudji maning ning sanjerone gedung Adipura balai kota, pas ana acara pisah sambut Kepala Polisi Kota Tegal.
Nah ning kono ya pak Mudji masih nyempatna takon karo nyong.
“Pak Maufur, jare wingi pan njaluk tulung nyong. Sida beleh?”
Nyong mangsuli, “aduh pak, sida sih sida, tapine ora saiki. Engko wis, kye soale lagi acara. Ora kepenak owh.”
Kayonge ta pak Muji ya radan paham, pancen lagi acara, dadi ya uwislah gampang. Tapi yen ndeleng raine kayong masih penasaran.
Telung dina bar kuwe, nyong ditelpon pak Agil.
“Pak, jare njenengan pak njaluk tulung karo pak Mudji. Pan njaluk tulung apa sih?”.
Nyong ya mangsuli, “owh iya, engko adong ketemu wis”.
Pak Agil ya kayonge setuju, tapi esih takon, “terus kapan pak?”
“Kayonge ta telung dina maning ana acara sing nyong, njenengan, lan pak Mudji bisa ketemu.”
Barang klewat telung dina, nyong njagong ning kursi sanjerone pendopo.
Ora let sadelat, pak Agil karo pak Mudjiono teka, langsung marani nyong.
Ora nganggo kesuwen, pak Agil takon.
“Kyeh, saiki wis ketemu wong telu. Nyong nganter pak Muji pan nakokena maring njenengan,.. njenengan pan njaluk tulung apa karo pak Mudji. Soale pak Muji ora sabar pengen ngerti, tur yen bisa ya pancen pengin nulung.”
Awite nyong meneng bae, apen-apen ora krungu.
Tapine ndeleng wong loro kayong wis radan ngodor ora sabar ngenteni, nyong mangsuli alon-alon karo dak suwe-suwe.
“Pak Mudji, angger nyong njaluk tulung njenengan ora papa?”
“Ya ora papa yah, wis saiki kari ngomong pan njaluk tulung apa?” jawabe pak Mudji mantep nemen.
Nyong mereki pak Mudji, pak Agil ya ngelodod, dadi wong telu kaya pan adu endas.
Terus nyong ngomong. “Marga pak Mudji takon terus, dadi nyong ya kudu ngomong. Asline nyong mung pan njaluk tulung karo njenengan, yen njenengan kye aja takon bae gen.”
Krungu omongane enyong sing wis dienteni rong minggu mung kaya kuwe tok, pak Agil karo pak Mudji njimprak karo sumpah serapah, tapine karo ngguyu bareng.
“Asem, jebule pak Maufur kye ngerjani. Tiwas ngentenine wis rong minggu. Tak kira apa, jebule dudu apa-apa.”
Sing lagi maca koran kiye ya ndean pada bae, “Asem kecut.”



