Enak Jamane Kang Ato

Tulisan “enak jamane dulu” memicu obrolan santai soal perbandingan masa lalu dan kini, dari kesejahteraan, pembangunan, hingga kehidupan masyarakat.
Daning : Maufur
NDEAN ora mung enyong tok, sedulur kabeh ya wis tau maca tulisan, “Priben bro. Enak jamane enyong owh ya”? Tulisan sing monine kaya kuwe ditempel nang kaca mobil bagian mburi, utawa lawang trek bagian mburi.
Toli angger sampeyan liwat nang prapatan sing ana lampu bangjo, ya akeh wong sing dodolan lan nawakena stiker tulisan kaya kuwe. Enyong ya sering ditawani, diojok-ojoki karo sing dodol, kongkon nuku. Tapineng enyong ora tau gelem babar blas. Lah sih pan nggo apa.
Wektu wingi, dina minggu, tanggal 21 September 2013, enyong ketemu karo pak Nurcholis Darsyah kanca dosen, sing umahe nang kulone Kali Pemali Brebes.
Baca Juga: KAI Tegaskan Sanksi bagi Penumpang yang Melebihi Relasi Tiket
Maring deweke enyong takon soal bedane jamane Kang Ato tinimbang jaman saiki. Jawabane pak Nurcholis, “Wektu jamane kang Ato pancen sejahterane rakyat radan rata.
Nah angger saiki, kayonge wong-wong tihale pada nduwe mobil, tapiken utange akeh. Saiki rejeki radan rata kuwe mung yen ana bantuan saka pemerintah, kaya BLSM.
Enyong takon maning, “Sejene apa pak Nur”? Jawabane, “Gemiyen preman kye mung nang pasar-pasar utawa preman cilikan. Saiki preman bisa nduwe CV lan PT, Dadine angger ana lelang proyek ya pantes yen pada nggawane kanca preman.
Mulaneng kadang-kadang lelang bisa batal, merga preman kayong melu-melu nentukena. Kejaba kuwe sing enyong mangkel, jembatan kali pemali nang pinggir umah, ora dadi-dadi. Dadine malah macet sing pirang-pirang taun ora gagiyan bisa lancar. Compong ta compong ”.
Baca Juga: Pesilat Kota Tegal Raih Emas di Belgia Open 2026, Indonesia Raya Bergema di Schoten
Sauwise kuwe, enyong takon marang Masrukhi, Guru SD Negeri Sidakaton 01 Kabupaten Tegal, sing umahe nang desa Tengki.
Batine enyong desa nggo wadah wong ka arane tengki, kaya nggo wadah banyu utawa lenga.
Wektu deweke, tak takoni jawabe: “Lah jaman gemiyen karo jaman saiki ta pada bae”. Enyong dadi penasaran trus takon maning.
“Pada bae priben maksude”? Semaure deweke, “ pada bae mbingungi, tergantung wonge, mensyukuri sing ana apa belih”.
Sadurunge, sapuluh dina sing wis klewat, pas enyong ketemu karo om Denhas Yusak nang alun-alun Tegal, enyong ngejak ngobrol deweke, ngomongna unine kalimat sing nempel mburine mobil mau. Enyong langsung takon om Denhas.
“Om, jare sampeyan jaman saiki karo jamane kang Ato kye asline enak endi”? Semaure om Denhas, “Jare enyong tah pancen enak jamane kang Ato”.
Enyong nerusna takon. “Enake nang apane om”? Jare om Denhas, “Ndeleng pembangunan kayong luwih temenanan, kaya anane repelita lan GBHN.
Toli Inodonesia kye bisa swasembada pangan, korupsi ora jamaah, aturan jelas, preman dibrantas kaya anane petrus. Lembaga sing wis ana dienggo saporete, ora kudu ana komisi-komisinan sing akhire ana komisi temenan alias sogok menyogok”.
Om Denhas nerusna alesane. “Saiki pembangunan kayong ora jelas, ora peta, ora pakra, dalan bae ora bener-bener, didandani ora dadi-dadi, rusak bae.
Panganan, buah-buahan, daging, lan uyah bae bisane nekakena saka negarane wong liya alias ngimpor.
Korupsine nggilani, berjamaah, rata nang endi-endi. Premane malah mateni tentara, paling ora ya akeh preman sing dilindungi aparati”.
Enyong takon maning. “Terus apa maning om”? Jawabe om Denhas, “jaman gemiyen pan tuku tempe gampang, akeh, nang endi-endi pasar ana sing dodol, toli regane murah. Malah wong Indonesia wis terkenal bangsa tempe, lan mentale kaya tempe.
Saiki kedele angel, arang-arang, regane larang. Pan mangan kedele bae kudu urusan karo mafia. Enyong kwatir mbokan diganti nganggo kentang, engkone malah dadi bangsa sing kentang-kentang ora karuan, tambah payah owh ya”.
Enyong karo om Denhas ngguyu ngakak bareng, padahal ora paham lucune mbang endi, embuh.
Let sadelat meneng, gantian om denhas takon maring enyong. “Yen jare sampeyan sih piben pak , enak endi?” Enyong gagiyan njawab, “yen jare enyong gen pada karo sampeyan, ya jelas enak jamane kang Ato gemiyen”.
Om Denhas ya pada bae, gagiyan takon maning. “Enake nang apa bae pak”? Enyong nyemauri, “akeh”. Om Denhas penasaran, “iya akeh, tapineng apa bae, jelasna owh”.
“Ya wis saiki tak jentreng, tak urut saka siji lan sateruse, sampeyan ngrongokena ya”. Om Denhas mung manggut-manggut, tandane setuju. Enyong mulai crita jaman gemiyen, ya kuwe jamane kang Ato.
“Gemiyen angger pan lunga nang endi bae ora usah nganggo ijin, bisa langsung plencing. Mangan nang warung bebas milih, sakarepe, sa-njukute, langka sing ngelarang kaya saiki. Angger wis dipangan nembe mbayar.”
Om Denhas meneng bae, nang batine ndean nganggep unine enyong pada bae karo miturut deweke. Bar meneng sadelat, deweke nembe njenggelek, nerusna takon.
“Terus alesane apa pak”? Saiki gantian enyong sing meneng sadelat, kaya lagi ngunjal ambekan. Padahal enyong nguja, ben om denhas takon terus, lan endah penasaran.
“Gemiyen, jaman kang Ato, enyong esih enom, esih dewekan, dadi lunga nang endi bae laka sing ngelarang. Toli egin sehat, normal, mangan apa bae langka pantangane.....”. Langsung om Denhas, nyetop. “Wis...wis, kuwe karuan. Sampeyan ta rusuh”.
Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule "Enak Jamane Kang Ato". Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun.