Islamic Center

Cerita Man Damin, Wa Kamid, dan Wa Yasik tentang kupat blengong Brebes hingga obrolan serius soal pentingnya Islamic Center bagi warga Tegal.
Daning : Yono Daryono
SAWISE sholat maghrib, Man Damin karo Wa Kamid orang labas balik maring umah. Wong loro sanja maring umahe Wa Yasik mergane Wa Yasik dengaren ora melu sholat maghrib nang masjid. Wa Yasik kuwe wong sing paling kiyengan teka maring masjid.
Anjog masjid mesti mbebeni, senajan dudu tukang nabuh bedug atawa tukang adzan, Wa Yasik anjog masjid segurunge ana wong adzan.
Man Damin karo Wa Kamid, pengin ngarti kenang apa Wa Yasik ora sholat maghrib nang masjid, muga-mogaha Wa Yasik kewarasan ora nana alangan.
Sawise ngucapna salam, sing njerone umahne Wa Yasik ana suara sing nyemauri salame Man Damin karo Wa Kamid. Laka liya suara kuwe suarane Wa Yasik. Wong lorong bombong atine kayong lega. Sing dikuatirna ora kebukti, semaure Wa Yasik nandakna Wa Yasik kuwe waras bregas.
Baca Juga: Kalender Jawa Weton Hari Ini 12 Maret 2026, Kamis Pon Karismatik Tenang yang Memikat
Wong telu njagong nang rusbang, Wa Yasik megin nganggo klambi koko sing biasa nggo sholat.
" Sholat maghrib nang endi, Kang?" Man Damin takon maring Wa Yasik.
" Nang umah Kang, mau kas maring Brebes jawane pengin mangan kupat blengong," semaure Wa Yasik.
" Lah kae nang jalan Sawo mbang kulon akeh wong adol kupat blengong, pijara adoh-adoh maring Brebes, " kandane Wa Kamid katon getun.
Wa Kamid dong anuk sering katon kamitegalen. Apa-apa kudu Tegal. Mangan apa bae dong ora nang umah ya kudu warung sing ana nang Tegal. Adong maring luar kota ya mangane kudu nang warung Tegal. Adong anuk sering ngrepoti sing ngajak lunga.
" Pengin kupat blengong sing sate blengonge dawa-dawa, Kang," semaure Wa Yasik nyemauri pitakone Wa Kamid.
" Nang Brebes wong sing adol kupat blengong kejaba nang alun-alun, ana sing dasaran nang pereke Islamic Center. Panggonane perek sawah anyem ora kemrungsung dadi olih mangan kupate kayong jenjem. Bar Mangan kupat nyong nguja manjing maring kompleke Islamic Canter. Siwise mider-mider nang kompleke Islamic Center, nyong kamitenggengen, nang atine takon, bisane nang Tegal laka Islamic Center yah." Wa Yasik critane mandeg.
Man Damin karo Wa Kamid sawangen. Sing domongna Wa Yasik bener, bisane nang Tegal ora kabupatene ora kota ne gurung ana Islamic Center.
" Nyong ya wis pirang-pirang dina mikir kuwe, Kang, " kandane Man Damin.
" Tegal jare kota sing wargane religius, tapiken masjid Agunge wis ora katon agung maning. Sumbeg, dong Jumatan wong sing pada wudhu enten-entenan. Wis bayune kicir-kicir krane akeh sing ora mantur." Man Damin mungkasna omongane karo gedeg-gedeg getun.
" Ya kudune warga pada melu-melu tandang ben masjid Agung Tegal katon mentereng oh. Ora usah mikiri Islamic Center ndisit " kandane Wa Kamid.
" Ish sejen Kang, masjig Agung wis ana progame dewek. Malah yayasane wis mlaku tata, kur pemerentahe gurung tit moang wiwiti ben masjid Agung Tegal ora katon ndlesep. Lah Islamic Center kuwe kejaba ngggo ngurangi sol-solane masjid Agung dong Jumatan, uga nggo pusate kegiatan agama kaya ibadah, da'wah, service lan ta'lim. Ibadah kuwe nglakoni perentahe agama. Da'wah kuwe nyebarna agama. Service kuwe maksude pusate pelayanan kegiatan warga atawa masyarakat. Dong ta'lim kuwe panggonan ngggo golet ilmu. Gadi engkone nang Islamic Center ora mung ana masjide tapiken ana gedong sing multi fungsi yakuwe bisa nggo gedong pertemuan, bisa nggo pengajian, bisa nggo ngajari agama ora mung bocah-bocah cilik tok. Islamic Center kejaba fungsi ketakmiran atawa makmurna masjid uga bisa ngggo nggerakna lan memberdayakan ben bisa genau agama sing tata, ora mung genau uga ana sing dalami atawa pengkajian, sosial lan budaya, informasi lan komunikasi ora ketingalan fungsi bisnis. Dadi engkone ning bisa nang Islamic Center ana pasar swalayane. Lan aja klalen Islamic Center uga bisa nggo kegiatane jemaah calon haji, manasik haji kaya kuwe, Kang." Man Damin olih nggomong katon kiyeng ora kaya biasane megap-megap.
" Prasakuwa sing kaya kuwe tau direncanakna ya Kang," kandane Wa Kamid.
" Bener Kang, malah rencana sing pan nggo Islamic Center wis tau diurug yakuwe bekase tanah bengkok sing nang Tirus. Kae oh jejerane kuburan Cleret. Mung bae ujug-ujug mblebes mbuh kenang apa. Jarene aku tah ning bisa nang pinggir jalan Pantura, dadi bisa nggo leren wong-wong sing lelunga. Jare Tegal kota transit aja mung hotel karo karaoke bae sing digedeg-gerdekna, ruang publike ya perlu didukung oh."
Wong telu olih mrupus kayong rahat sampeken klalen nyruput teh poci sing disediakna Wa Yasik. Sawise nyruput teh poci Wa Kamid karo Man Damin pamit balik maring Wa Yasik.
Kaya kuwe sedulur, cerita Man Damin karyane Kang Yono Daryono, sing judule Islamic Center. Mengko disambung maning karo cerita liyane. Suwun.



