Lampu Bangjo

Senin, 20 April 2026 | 10.51 WIB
Ilustrasi Arus kendaraan di persimpangan jalan Jawa Tengah terpantau padat merayap pada Senin sore. Pengendara tertahan lampu merah di tengah hiruk pikuk aktivitas warga dan pedagang kaki lima menjelang malam.
Ilustrasi Arus kendaraan di persimpangan jalan Jawa Tengah terpantau padat merayap pada Senin sore. Pengendara tertahan lampu merah di tengah hiruk pikuk aktivitas warga dan pedagang kaki lima menjelang malam.

Cerita Bangjo karya Daning Maufur tentang lampu lalu lintas yang makin ramai aturan, namun kadang justru terasa membingungkan dan mengganggu pengguna jalan.

Daning : Maufur

LAMPU sing ngatur lalu lintas, nang saban prapatan utawa pertelon, pancen warnane ora mung abang karo ijo. Tapi neng wong-wong sering ngonekenane mung bangjo.

Padahal ana warna kunginge. Malah saiki orang mung warna abang ijo kuning tok, ana pirang-pirang tambahane.

Ya kuwe, tulisan iklan sing rada nrokcok, garis-garis cat putih, pengumuman liwat speker, tanda arah, lan-liya-liyane. Anane lampu bangjo sakomplite kuwe maksude kanggo ngatur wong-wong sing liwat ben lancar, teratur, lan ngurang utawa ngilangna cilaka, supaya pada slamet.

Dina Selasa, tanggal Sepuluh November wingi, enyong mangkat maring Yogya liwat Weleri terus Sukoharjo.

Baca Juga: [EDITORIAL] Jalan Panjang Usulan Pemekaran Brebes Selatan

Pan anjog Temanggung, Pak Basuki usul, “Aja manjing kota, liwat pinggiran bae. Nang kota kakean bangjo, wektune dadi tambah suwe”. Enyong ya setuju bae karo ngomong, “Ya wis owh, supire dikandani, mbokan durung weruh dalane”. Bar kuwe, Pak Basuki ngandani supir.

Suwene enggal sejam setengah, pan manjing Kota Jogya. Gantian Bu Ratna usul pada karo pak Basuki. Jare bu Ratna, “Aja liwat kotalah, akeh lampu abange”.

Trus enyong takon, “Jare sapa bu”? Jawabe, “Lah kanca-kancane enyong pada ngomong Kota Yogya kye kecaba terkenal kota pelajar, uga terkenal akeh lampu abange”. Jare enyong, “Miturut enyong ta kuwe ora bener bu.

Baca Juga: Ngumpulke Balung Pisah, Cara Nahdliyin Jaga Kebangsaan dan Majukan Jateng

Yogya pancen akeh prapatane, tapineng lampune ora abang tok, ana ijo lan kuninge, jumlahe imbang ka”. Krungu omongan kaya kuwe, Bu Ratna semaur, “Hehehe... iya, kuwe ta karuan”.

Enyong dadi kemutan omongan Pak Thomas, “ Saiki ora mung abang ijo kuning tok, luwih komplit, ana ronggeng kunyuke”.

Lanang ya tau ngomong yen leneng lampu bang jo, “Ditempeli iklan sing ora pantes, dudu nein piweruh kanggo wong umum, tapineng khusus wong-wong sing cungure bolang blonteng”. Batine enyong, maksude ndean hidung belang.

Sejen maning omongane Om Dinhas, “Bang jo dinein angka nggo wektu, kuwe wis apik, mbantu wong-wong pada siap-siap, tapi sauwise ditambahi maning asesoris, tulisan tambahan, suara, malah dadi mubadir lan lucu”.

Dina Saptu wingi, enyong parkir mobil nang dalan Diponegoro perek prapatan sing perek Alun-alun Kota Tegal. Sauwise metu saka mobil, nembe krungu ana suara wong ngomong liwat speker sing ditempelna nang leneng lampu bangjo. Monine kira-kira kaya kiye.

“Slamet anjog nang Kota Tegal, nurut ya karo tanda-tandane sing ngatur lintas, priksa pepeke surat-surat kendaraan, supaya ati-ati, muga-muga slamet anjog panggonan sing dituju”. Saben lampune murub werna abang bolak-balik monine ajeg kaya kuwe.

Suarane banter, tapineng yen saka njerone mobil sing jendela kacane ditutup pancen ora krungu. Enyong ya kemutan, suara speker kaya kuwe ora mung nang Kota Tegal tok. Nang kota-kota liyane ya ana, pancen ora nang saben-saben prapatan, tapineng mung nang siji loro prapatan tok.

Sadurunge nerusna maring tujuan, enyong tak sempatna takon maring tukang parkir sing arane Amin, umahe nang Kramat. “Mas, sampeyan sing sering nang kene, ora budeg krungu omongan saka speker sing bolak bali kaya kiye?”

Jawabe Amin, “Iya, speker moni terus, suara keras, sing diomongna pada bae, ajeg bae, kaya kuwe, dadi mboseni lan mbudegi”.

Enyong takon maning, “ Angger sampeyan ta nang kene mung pirang jam tok, lah sing nang toko-toko luwih perek lan saben waktune krungu suara kaya kuwe apa ora sangsaya kebudegen”? Jawabe Amin, “Ya jelas luwih-luwih, mung bae pan priben maning.

Ndisit malah tengah wengi, sepi, laka wong, tetep moni. Embuh ngandani sapa. Saiki ta mending jam 10 wis mati. Ndean tah sing ngomong kesel, terus leyeh-leyeh, turu”.

Sauwise takon karo tukang parkir, gantian enyong takon karo wong wadon sing dodol rokok lan liya-liyane nang trotoar ngarep toko Suka Niki. “Yu, sampeyan dagang nang kene saben dina, krungu suara speker terus-terusan rasane priben”? Jawabe, “Aduh pak...pak, bosen lan budeg.

Pancen sih bar wis lawas tah radan mending”. Tak takoni maning, “Trus sampeyan keganggu ora yu”? Jawabe, “Ya jelaslah”.

Wektu enyong takon arane, deweke najawabe, “Oralah, engko dikira enyong sing ngomong. Sampeyan sinten sih”? Tak jawab, “Enyong petugas sing lagi ngontrol manfaate speker kiye” (karo mbatin, petugas laka sing nugasi, lan laka sing mbayari). Krungu jawaban enyong, deweke langsung usul.

“Owh kaya kuwe, yen bisa tah ora usah ana speker kaya kuwe, diilangna bae. Wis ana tulisan lan lampu sing nagtur ka, tengkula nganggo ngomong ana apa. Jawane lagi apa. Mboseni, mbudegi, lan mubazir”.

Enyong takon maning. “Lah angger sing manggoni toko-toko sing perek kiye priben yu, ngrasakena kaya sampeyan ora”? Jawabe, “Ya luwih-luwih, akeh sing pada komplen, tapiken pan priben maning.

Wong-wong sing pada parkir ya pada ngomong, kuwe donge paksude apa, ngomonge cepet, dadi ora patia jelas. loken wis lagi nang prapatan nembe diomongi kongkon mriksa surat-surat kendaraan. Kudune angger egin nang umah”.

Enyong mikir, kye yune sauwise ngartine enyong petugas, critane tambah lancar. Gadine enyong nerusna takone.

“Trus ana crita apa maning yu”? Kae nang kantor Bank BTPN, karyawane angger olih telpon saka njaba ngresula. Ngomonge nang telpon, aduh pak..pak.. maaf ya, suarane ora jelas. Sebab kye nang kene ana suara speker, enggo telpon maning ya, utawa enyong sing telpon wis”.

Sauwise pragat omong-omong, enyong egin takon maning. “Sampeyan arane sapa yu”? Jawabe egin ajeg, “Lah belilah. Aran tah ora usah”. Enyong ya mung ngomong, “He..he..he....iya wis yu suwun”. Trus pamit.

Soal bangjo nang prapatan, enyong dadi kemutan critane kanca setaun sing keliwat. Deweke crita kaya kiye. “Jam rolas bengi Wanyad numpak motor ngeliwati prapatan Kejambon, saka dalan KS Tubun pan maring Langon.

Wektu kue lampu sing ngatur lalu lintas murub warna abang, tapiken Wanyad bablas bae ora mandeg. Kebeneran pas kuwe ana pulisi lalu lintas. Wanyad dindeg, trus ditakoni surat-surat.

Jare Wanyad, “Enyong salah apa, bisane diendeg lan ditakoni surat-surat”? Jawabe pulisi, “Lah kae sih lampu abang koen labrak bae”.

Jare Wanyad, “Lah kan sepi, laka sapa-sapa. Maksude ana lampu bang jo kuwe nggo ngatur supaya tertib, lancar, laka tabrakan, lan pada slamet. Lah angger wis jelas sepi liti, tah jelas-jelas lancar lan slamet.

Toli masalahe apa”? Batine pulisi, omongane wong kiye ana bener, tapineng aturane yen abang kudu mandeg, kecuali sing wis ditentukena. Sauwise ndeleng aran nang SIMe, polisi takon. “Owh, sampeyan arane Wanyad ? Pantes. Ya wis mana mumpung sepi”.

Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule "Bangjo". Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun.

Artikel Terkait