Lampu Mati

Cerita karya Daning Yono Daryono ini menggambarkan keluhan warga soal listrik sering padam yang mengganggu aktivitas dan menjadi sindiran bagi layanan publik.
Daning Yono Daryono
“PISAN pindo delos bae,”.
“Pisan maning tak grayami..,”
“Apa pecat mbuh apa engko... delengna bae. Wong ka... kon nyetrika ora ya ora mbuh, ditinggal lunga.”
“Wong gari cus maring colokan listrik bae ka,.... angel nemen.”
“Bula-bula tengkulah gawe wangwa nganggo areng kipat-kipit”.
“Kuwe bae ka kayong pan mben dina ana sarung bolong, mergane nyetrika ditinggal lunga, klalen ndudut colokan setrika atawa klalen mateni saklar listrik.”
Baca Juga: Kalender Jawa Weton Hari Ini 10 Maret 2026, Selasa Legi Si Pemarah Tapi Menyenangkan
Esuk-esuk Bi Sijah wis nggremeng, ngrundel, ngromyah ngrasani maring wong sing biasa nyetrika klambi.
“Saiki tah enak, amak-amak listrik, amak-amak listrik, awit pompa banyu nganggo listrik. Kulkas, AC, ngumbahi, setrika, lampu, radio, tipi, ngliwet sampeken ngecas HP,.. kabeh nganggo listrik."
Gurung rena olih ngromyah, Yu Nining wong sing biasa ngrewangi nyetrika anjog.
"Kowen sing endi sih Ning, dong klambine kobong toli mrembet maring plapon priben, sekarang-karang oh nyetrika ka ditinggal lunga," jare Bi Sijah karo prengat-prengut.
"Lah lampune mati ka Yu," semaure Yu Nining karo temungkul ora wani mandeng raine Bi Sijah.
Krungu apa sing domongna Yu Nining, Bi Sijah krasa isin semingkir, ora nerusna ngromyahe.
Pancen lamona lampu mati kayong repot sekabehe, soale wong saiki pada ngetiplakna listrik.
Mergane lamona listrik PLN mati pada plonga-plongo, apa maning lamon matine bengi. Kompor wis nganggo gas, lenga tanah wis angel luruhe, lamon ana larang regane, pol-pole nganggo lilin, pan nganggo lampu emergency durung kober ngecas.
Kuwe mergane Yu Nining suka lunga, timbangan ngenteni listrik murub, kayong ail. Kapan murube uga ora ngarti. Yu Nining ya salah, seminggkir ora poyan maring Bi Sijah.
***
Pirang-pirang dina kiye Kang Wanyad ya ngresula, lampu gili nang ngarep umahe wis luwih seminggu mota-mati.
Lampu otomatis dong repan maghrib murub dewek, lamon dong byar srengenge plenong esuk,.. mati dewek.
Lah kiye kadang bar isa tembe murub, malah kadang ora acan-acan murub.
Wanyad sempekan bosen riwa-riwi maring kantor DPU laporan ora tau digubris.
Meningan lampu gili nang ngarep umahe Wanyad bisa madangi sedawane dlanggung.
Lamon ora murub, ngarep umahe Wanyad peteng dedet, uga umah kiwa-tengene peteng,... mata dadi serab.
Sejen maning nang kampung Randugunting Gempol, kampunge Kaji Prayogo pada ngresula, mergane listrik PLN kayong pan sewulan kiye nganti seprene, ben esuk jam sanganan sempeken sore bar asar mati.
Sing nggo nyetili ora poyan, ora kanda-kanda..., ujug-ujug mati.
Sing kedangdapan tukang cukur sing ngandelna listrik.
Nyukur tembe saparo rambut wis gotang lampu mati, ya kaing-kaingan oh, makane wis panggonane nganggo AC laka jendelane ika- ikih, lamon suwe... bisak lenger.
Wis kaya kuwe,.. gegese ora nduwe sing manual, kabeh geges listrik.
Gadi sing cukur gemerah, ngromyah, maido sing disalahna tukang cukure.
Semono uga tukang ngumbah mongtor lan mobil, semprotan banyune ngandalna listrik, lampu pet mati, ya...... keteteran.
Lamona lampu matine suwe, aja-aja akeh wong aduse nganggo banyu aqua.
Lah sumure pada ngandelna sumur pompa sing nganggo listrik atawa banyu ledeng sing metune crat-crit.
Warga sih.... karepe mati ya kena, mung bae poyan.
Adong telat bayar disegel, dong PLN sing gawe rusia maen bureng.
***
Bengi bar isa... Man Damin sanja maring umahe Wa Kamid.
Segurunge anjog umahe Wa Kamid, Man Damin mandeg nang ngarep umahe Kang Wanyad,... lampu giline mati... dlanggung, katon sintru.
Man Damin mbatin, bisane ka.. lampu gili mati laka sing rapotan.
Maring Wa Kamid, Man Damin takon.
"Kang.... kae lampu gili nang ngarep umahe Kang Wanyad mati wis pirang dina?".
"Kayonge tah menekna sependak Kang," semaure Wa Kamid.
"Lah bisane ora rapotan aring kantor DPU," kandane Man Damin.
"Jare tah wis rapotan maring kepala DPU Kota Tegal," semaure Wa Kamid.
"Sing repotan sapa?"
"Kang Wanyad,"
Man Damin klakep meneng, sing rapotan Wanyad masa digugua beleh.
Wanyad ka....
Aja maning ka Wanyad, saiki tah wong rapotan kudu jelas, alamate, kerjane, partene, agamane, lamon ora trep plek-jiplek karo aturane, ngantia ngodor njaluk bala ya..... ora bakal digubris, aja-aja sing rapotan malah dilandrat!



