Letkol Untung Ketangkep Nang Asem Tiga

Selasa, 24 Februari 2026 | 13.53 WIB
Ilustrasi Suasana Tegal 1965
Ilustrasi Suasana Tegal 1965

Cerita “Daning” karya Yono Daryono kisahkan tertangkapnya Letkol Untung di Asem Tiga Tegal tahun 1965 usai peristiwa G30S.

Daning : Yono Daryono

Hawa semromonge poret, wektu kuwe tanggal 11 Oktober 1965, gili kar sing saiki arane Jalan Nanas mung ana wong siji loro sing liwat.

Wong-wong dukuh Asem Tiga sing akehe pada nggaweni sepatu karo sendal kulit egin pada nyambet gawe nang njero umahe.

Ora kuat semromong sing nyambut gawe pada wuda klambi. Delat maning laut wayahe mangan bedug lan sholat dhuhur. Wong-wong wadon sing wis pragat ngliwet pada maliki pemehan ana uga sing ngentasi.

Ujug-ujug ana wong dwuwak-dwuwak. "Ana wong mblorod ! Ana wong mblorod !"

Baca Juga: Kalender Jawa Weton Hari Ini 24 Februari 2026, Selasa Pahing Memiliki Aura Mempesona

Wong mblorod jarene wong Asem Tiga kuwe wong sing nyolongi pemehan, atawa nglorodi pemehan.

Sontak warga pada marani maring asale suara.

Nang ngarep umahe Man Darno, akeh wong ngrubungi wong lanang gagah nganggo kupluk ireng, sepatunan, pilis kiwane ana getihe.

Jare Kang Sakyad awite wong kuwe njaluk nginung toli maksa mlebu umahe.

Weruh lemari kaca, toli kacanan ndeleng pilise sing tatu getihen.

Kang Sakyad curiga, aja-aja maling, toli wadul tanggane ana wong mblorod.

Dukuh Asem Tiga geger ana wong mblorod. Krungu ribut-ribut, wong sing dituduh maling pemehan umpetan nang gentonge Kang Sakyad.

Selugune wong kuwe pengin meruh tatu sing nang pilise toli mlebu umahe Sakyad alesane njaluk banyu nggo nginung.

Wong kuwe ujug-ujug mlebu kacanan nang lemari kaca ora permisi.

Dikepung wong dukuh Asem, wong kuwe metu sing gentong awake ndredeg mengkirig, ngenturit mlayu ngulon anjog sawah sing saiki dadi perumahan BTN Nanas Jalan Siwalan.

Nang kono wis ora bisa ngindari warga sing wis ngepung.

"Nyong dudu maling, nyong dudu mungsuhe rika, Nyong Untung mungsuhe pemretah," kandane wong kuwe sing ngakune arane Untung.

Wong-wong ora ngarti Untung kuwe sapa, Soetarmo pemuda desa sing dadi Hansip Pelabuhan usul maring warga sing pada ngepung wong sing ngaku arane Untung digawa bae maring Balai Desa Kraton.

Untung digawa maring Balai Desa Kraton. Sing Balai Desa mretah kon ngawa bae maring kantor CPM. Wektu kuwe kantor CPM nang Jalan Mayjen Sutoyo.

Soetarmo karo batire nggawa Untung maring kantor CPM nganggo becak.

Nang kantor CPM Untung diserahna maring komandan CPM wektu samana komandane Kapten Moh. Isa.

Kapten Moh. Isa ora patia paham wong sing ngaku arane Untung, toli takon karo pejabat-pejabat Tegal sapa sebenere Untung kuwe.

Salah sijine pejabat arane Gatot Soeharso sing wektu kuwe dadi ketua DPRDGR.

Jarene Pak Gatot wong kiye sing sering terjun payung nang lapangan Martoloyo, dong terjun sing kapal mabur paling pentol dewek, arane Letkol Untung.

Letkol Untung kiye perwira "Tjakrabirawa", ketua "Dewan Revolusi"

Krungu apa sing domongna Pak Gatot Kapten Moh.Isa labas nggawa Letkol Untung maring Cirebon, nang Cirebon diserahna maring Kolonel A.J. Witono sing wektu samana dadi Danrem nang Cirebon.

Man Damin tau omong-omongan karo Pak Soetarmo sing nggawa Untung maring kantor kelurahan labas maring kantor CPM.

"Rika tah wong sing berjasa nangkep Untung, apa sing paling ngesana," Man Damin takon maring Pak Soetarmo.

Pak Soetarmo ora gagiyan semaur, mikir delat toli tembe ngomong.

"Seliyane nyong diangkat dadi pegawai Djakarta Llyod, nyong tau diundang Pak Harto maring istana mlebu kantore Presiden Soeharto dewekan Man."

"Rasane bungah, mrinding campur aduk. Pak Harto ngucapna trima kasih."

"Toli nyong dingein tanda jasa karo diangkat dadi kepala Cabang Djakarta Lloyd Cilacap," semaure Pak Soetarmo raine katon bungah.

Letkol Untung sing dituduh tukang mblorod ganing wong Asem Tiga, sawise cita-citane Dewan Revolusi wurung, lunga numpak Bis "Maju", maksude repan maring Semarang.

Weruh nang bis ana tentara, rundagen. Anjog Kemandungan Tegal, Untung mencolot sing bis persis nang ngarepe tukang tambal ban ‘Mar'na’.

Saking gugupe keplarak toli pilis kiwane kejeblog leneng nganti metu getihe.

Sing ngarep tambal ban Mar'an, Untung mlebu gang ngalor nang kebone Yu Tinah nganti anjog Asem Tiga.

Segurunge ngalor, Untung nyabrang ngidul ndodog umah ngarep tambal ban Mar'an. Umah kuwe gemiyene markas tentara. Kaligane laka sing semaur, Untung balik maning nyabrang ngalor.

Artikel Terkait