Mbelok Kiwa Ngikuti Lampu

Rabu, 25 Maret 2026 | 09.47 WIB
Ilustrasi kebingungan pengendara dan polisi menghadapi beragam rambu lalu lintas di perempatan jalan. Kondisi ini menggambarkan aturan yang kerap dianggap membingungkan pengguna jalan.
Ilustrasi kebingungan pengendara dan polisi menghadapi beragam rambu lalu lintas di perempatan jalan. Kondisi ini menggambarkan aturan yang kerap dianggap membingungkan pengguna jalan.

Tulisan humor Tegalan iki nyritakake kebingungan aturan lalu lintas, utamane soal belok kiwa lan lampu motor awan, kanthi gaya guyon lan sindiran ringan.

Daning : Maufur

Malem jemuah kliwon wingi, nyong olih SMS sing kanca.

Isi SMS monine kaya kiye: “Sampeyan ora usah nuntut ilmu, soale ilmu durung mesti salah. Yen sampeyan pan nuntut ya sing salah-salah bae, kaya koruptor, sing nyolong motor, maling kalkulator, utawa deb kolektor sing kebangeten. Terus sampeyan kye ora usah mbales budi, soale durung mesti sing salah kuwe budi. Malah ndean budi ora weruh apa-apa, ujug-ujug dibales sampeyan. Melas owh Budi.”

Baca Juga: Disparpora Batang Pastikan Keamanan Wisatawan Saat Liburan Idulfitri di Tempat Wisata

Langsung nyong mbales, asal mbales, sing penting mbales.

“Sampeyan ya ora usah ngelukis bumi, bumi dilukis sih kapan rampunge. Toli ora usah melu-melu ngarungi segara, sebabe sing pantes dikarungi tah beras dudu segara”.

Let ora suwe SMS balesan nongol, tapi isine mung, “Ha......ha....ha....ha..”.

Nyong ya ngucap Alhamdulillah, sebab isine dudu sing kudu dipikir maning.

Tapi sauwise kaya kuwe, nyong dadi mikir soal tulisan rambu lalu lintas sing ana ning endi-endi prapatan utawa pertelon dalan, ya ning Kota Tegal, Kabupaten Tegal, lan ana ning Kabupaten Brebes. 

Baca Juga: Oleh-oleh Telur Asin Brebes Diserbu Pemudik, Penjualan Naik Tiga Kali Lipat

Saemute nyong, ana rong plekara sing rada kurang sreg nang aturan lalu lintas saiki.

Sapisan kudu nguripna lampu pit motor pas wayah awan. Padahal ning aturan sing lawas malah ora olih awan-awan lampu motor murub, kecaba barisan ngiring mayid, utawa sing pancen diolehna kanggo perlu kepaksa.

Loken numpak motor ning gang, ning dalan cilik, lan mung ning arep umah lampune kudu murub. Sih nerangi apa ? Tapi yongan jarene kanggo ngurangi belahi, lan  kanggo luwih amane,  ya wislah kari nurut bae.

Sing ping loro, plekara mbelok kiwa ning prapatan lan pertelon.

Nang Undang-Undang Nomor rolikur taun 2009 soal Lalu Lintas lan Angkutan Jalan, nang  paragraf papat yakuwe soal belokan utawa simpangan, pasal 112 ayat telu monine “Ning prapatan dalan sing ana alate nggo nein tanda lalu lintas, supir kendaraan ora olih langsungan mbelok kiwa, kecaba wis ditentokna sejen karo tanda lalu lintas utawa alat sing nein kode lalu lintas.”   

Tapine kalimat sing ditulis ning pertelon utawa prapatan dalan monine sejen-sejen.

Ana sing tulisane “mbelok kiwa madakna lampu,” ana sing “mbelok kiwa ora olih terusan,” lan “mbelok kiwa melu lampu.”

Ning sajerone Kota Tegal ya tulisan kaya kuwe akeh. Ana ning prapatan Langon, prapatan  Kejambon utawa umah Sakit Kardinah, prapatan Pacific Mall sing dalan Kapten Sudibyo, pertelon dalan Perintis Kemerdekaan ketemu dalan Martoloyo, parapatan dalan Suprapto ketemu dalan Gajah Mada, dalan Setia Budi ketemu dalan Ahmad Yani, lan liya-liyane.

Mung sayange tulisane  saingan  karo iklan spontan, sing monine bisa nggedekna lan ndawakna “anu”.

Salah sijine Dekan Fakultas Universitas Negeri ning Semarang cerita karo kancane, terus  kancane mau cerita maring nyong, nah nyong tak ceritakena maning maring sampeyan kabeh. Ya pokoke kulak jare, adol jare, batine ndean.

Ceritane kaya kiye:

Sawijine dina pak Dekan kye gugup mangkat  maring kampus, atine deg-degan mbokan telat anjog kantor. Soale deweke krasa ora kepenak yen telat, dadine kepaksa mobil diplayokna banter nemen. 

Barang anjog  prapatan sing ana perek kampuse, lampu sing ngatur lalu lintas murub abang, lan pak Dekan mau langsungan mbelok kiwa. Bar kaya kuwe pak Dekan kaget setengah urip alias setengah mati, sebab digedag lan di andeg pulisi.

Kagete  merga maune kayong langka pulisi atawa ora katon, ka ujug-ujug wis nyusul.

Nah kaya biasane pulisi ngangkat tangan nein tanda ngormat, terus takon surat-surat alias STNK kamben SIM. Sauwise dideleng ana kabeh, terus pak dekan  ditakoni.

“Apa sampeyan bleh weruh ana tulisan mbelok ngiwa ngikuti lampu, padahal lampu lagi murub abang?”

(ya pancen sih, bahasa Semarang ora kaya kuwe monine, kye ta wis diganti  nganggo bahasa Tegalan. Dadi sampeyan kabeh ora usah ora nerima, apa maning  protes, ora ilok).

“Nyong sih weru lan ngarti, tapi luwih ngarti yen tulisan kae ora bener.”  Jawab pak Dekan karo rada meringis.

“Bisane kaya kuwe?” takon pulisine maning.

“Ya sebab yen nyong ngikuti lampu kapan anjoge, wong posisi lampune ajeg ka, iloken nyong dikongkon melu benda sing meneng bae.”

Pulisine sing maune bregas nggedag lan mriksa surat-surat dadi rada kendor. Sebab sing diomongna wong  ning ngarepane kye pancen bener.

Ning jero atine pulisi dadi rada ringsang lan ora enak, kaya ngadepi  buah simalakama.

Yen dienengna, dadine ngenengna wong sing nyalahi. Tapi yen ditilang, kae wong pinter, tur bener,  tulisane bae sing kebelinger.

Lah tulisan ka mbelok kiwa ngikuti lampu. Lampu ka dipeloni. Donge sapa sih sing ngrancang basa kaya kuwe.

Kudune ya cukup mbelok kiwa ngenteni lampu murub ijo, utawa mbelok kiwa madakna murube lampu bangjo. Apa maning ana sing tulisane, mbelok ngiwa ora olih langsung. Lah yen pas lampu murub ijo apa ya ora olih langsung ? Ya olih lah. Wis embuhlah!.

Bingunge pulisi mau sih jare pak Dekan ndean, mung ngira-ira tok, dadi ya bisa bener bisa belih.

Yen bener ya tandane pulisine wong pinter. Lah enyong sing krungu cerita mau ya mung mesam-mesem tok.

Soalé pan priben maning, pulisi sing kudu njaga aturan bae bingung, apa maning nyong sing kena aturan, lan luwih-luwih  rakyate  sangsaya  bleh paham, padahal  nang dalan-dalan akeh wong pating sliwer sadina-dina. Kae wong kabeh pada dadi korban aturan sing ora nggenah.

Artikel Terkait