Pikiri Kisut

Ra krasa jebule wis telu likur Dina puasane, Meski lagi akeh bencana sing melanda Rega kebutuhan ya urung pada temurun, Kondisi politik ya urung stabil
Penulis Ki Sengkek Suharno
Dalang Wayang Kebangsaan, Aktivis Forum Peduli Kebudayaan Tegal
puskapik.com - Bengi kiye Kayong sejen ora kaya sing wingi wingi udan Bae
Jarit Ra Kober garing dipe jare Bagong
Tumben malem kiye Ra udan
Hawane Kayong pas go jagongan sinambi rasan rasan ro kanca batir neng warunge Yu Kapsah
Ra krasa jebule wis telu likur Dina puasane
Meski lagi akeh bencana sing melanda
Rega kebutuhan ya urung pada temurun
Kondisi politik ya urung stabil
Tapi ora ngurangi Nikmate Nglakoni ibadah senajan kebutuhan pan bada wis Awe Awe
Baca Juga: Ammy Amalia Resmi Plt Bupati Cilacap, Pelayanan Publik Tak Boleh Terganggu
Alhamdulillah
Tetep kudu disyukuri
meski serba terbatas lan saanane
Esih klakon Sahur Karo buka
Esih kuat tuku Udud
Senajan maune Sedina rong bungkus
Saiki ngirit dadi sebungkus tok merga Puasa
Kaya Nyong Rika kwe tinggal Nyawang meski dudu Garanggati Atawa Gonggo
Polah tingkahe para penggede sing lagi kedodokan amanah gawe kebijakan
Wayah kiye Tah gari manut lan nurut
Aja kosih keplatok pokoke
Sebab sing lagi kuasa Prabu Duryudana kwe Saiki lagi Elik, Kayong lagi kenang aradan ndean
Soale jare Bagong Sapenakeng mboyok nemen Ari gawe aturan, Kayong Dudu Hawane dewek
Mulane suka jorna bae wis, apa jare
Wong lagi kuasa
.
Baca Juga: Berkah Ramadan, PSHT Pemalang Bagi-bagi Ribuan Takjil
Astina sing maune Adem ayem tentrem
Gemah Ripah loh jinawi
ndadak semrawut ora nggenah parane
Aturan sing wis disepakati bisa diakali pimen carane men bisa dilanggar tapi katone bener neng matane Rayat
Kebijakan sing kudune menakna Rayat malah Saiki isine Kayong seolah olah pan nyugihna sing wis sugih
Menakna sing wis kepenak
Mung Eben bisa Nglanggengna kekuasaan aja kosih Ucul Maring wong Lia.
Rayat Tah gampang jarene
Rasah keder mikirin rayat
Cukup dingai Bantuan beng meneng Kaa
Jor joran bae Glontorna BLT, Bansos, PKH, lan bantuan Lia liane Ben Rayat e pada gumoh
Mesti pada meneng lan mbelani
Ora ngandel ya nyacak bae
Angger Kurang mrema ya gari dislonongi Atawa dingai jabatan Ari ana sing rewel
Para Resi lan begawane bruki bantuan go padepokane Ben meneng lan ndukung
Kabeh dikondisikna Awit prajurit nganti punggawa kerjaaane.
Dadi sisan sing ora seneng lan setuju gemboran lan polah apa Bae rabakal bisa ngalahna sing wis dadi kebijakane
Ora peduli lan isin ngilat idune dewek sing penting apa sing dikepeingini klakon lan kelaksanan.
Asline ya akeh sing ws pada ngelingna, Awit Semar, Togog, nganti Kresna lan liane tapi ya Ra digubris, boro boro dirungokna
Percuma juga sih pikire Bagong wong udu Hawane dewek
Masa mempana belih
Wis gari ditonton apa anjoge
Gari disawang apa gebrake
Gari dijorna Bae apa karepe
Gari dinikmati bae apa warege
Eman Eman energine, Eman Eman waktune, Eman Eman suarane
Ngko malah dititeni, dicap wong angel, monine wong rengkel
Jare Bagong bener ngomonge Lupit Karo Slentheng :
Raimu Ngarti apa, wong jlajate Rayat...
Pikiri Kisut, wong Kisut be ora mikiri
daripada mikiri sing ora ora Suka ngopi ro Udud udud ndisit Karo ngenteni Buka puasa ya waaa...
Mumpung Wulan puasa, Wulan sing suci
Yuh bareng ndonga Bae sedulur
semoga Kabeh Bae para pemangku kebijakan dingai kewarasan lahir batin, uga dingai hidayah lan kekuatan Ben bisa ngayomi lan nyejahterakna Rayate
Amiiiiin ya rabbal alamin
Alfaatihah....
Lubar Traweh, 15 Maret 2026
Catatan Bagong
Di Pojok Warung Tengah Sawah.***



