Juara Telu

Maufur dari Universitas Pancasakti Tegal mengenang pertandingan tenis antar KORPRI perguruan tinggi Jawa Tengah di Semarang hingga akhirnya meraih juara tiga.
Daning : Maufur
Nggo ngemuti lan meringati dina KORPRI tanggal 29 Nopember 2017 sing wis keliwat, Kopertis Wilayah VI Jawa Tengah sing kantore nang Semarang, nganakena pertandingan pingpong lan tenis lapangan antar KORPRI sing ana nang Perguruan Tinggi sa-Jawa Tengah.
Saka Universitas Pancasakti Tegal ngirim saregu-saregu.
Pingpong diwakii Pak Burhan Eko Purwanto balane Pak Gunistiyo.
Nah wektu kuwe enyong melu tenis lapangan, balane Pak Sono Prabowo. Nanging kejaba kuwe juga ana regu jalan santai, kaya Pak Koco, Pak Sadali, Pak Fajar, lan liya-liyane.
Kaya biasane lan seringe, enyong angger melu pertandingan tenis kelas C-D utawa kelompok sing umure luwih saka seket lima taun nang Kota Tegal, bisa olih juara telu.
Baca Juga: 25 Persen Kendaraan Pemudik Tinggalkan Jakarta, Tol Cikampek Mulai Padat
Durung tau anjog juara loro, apamaning ka juara siji. Kayonge ora bakal. Dadi kaya langganan.
Balane enyong yen main nang Kota Tegal ya wis langganan, ya kuwe Pak Suhardi, dosen UNNES sing ana nang Tegal.
Uga kadang liyane sing pilih utawa diundi ketemu bala liyane. Tapi angger antar Perguruan Tinggi enyong balane Pak Sono.
Baca Juga: Anggota DPR RI Fikri Faqih : PPPK Paruh Waktu Punya Hak Dapat THR
Dina Ahad tanggal 28 Nopember jam lima esuk enyong mangkat maring Semarang dewekan numpak sepur Kaligung. Sing ora ngenaki, enyong numpak sepur karo nyangking raket.
Mbokan akeh wong nyawang pada salah paham, enggo bisa anjoge pitnah. Enyong dianggepe pemain profesional.
Enyong mangkat dewekan, merga kanca-kanca wis pada mangkat ndisiti sadina sadurunge. Pak Sono malah wis mangkat rong dina sadurunge. Jare sisan karo tilik putune sing ana nang Jepara.
Anjog Stasiun Poncol Semarang, enyong langsung maring Universitas PGRI Semarang dianter sedulur sing umahe nang Semarang mbonceng motor.
Pertandingan tenis dijadwal mulai jam sanga, dadi egin ana wektu istirahat sadelat.
Anjog lapangan enyong nembe ketemu Pak Sono.
Maring pak Sono enyong ngomong.
“Pak, enyong teka maring Semarang mene nduwe pengarep-arep menang loh. Kyeh deleng, enyong nggawa kaos limang iji. Paling ora nggo main ping papat, lan paling ora ya juara telu.”
Jawabe Pak Sono, “Wah yen kaya kuwe kudu maen sing temenan, sampeyan aja kakean guyon. Angger temenan, in syaa Allah bisa olih juara.”
Enyong semaure, “Ya pancen, harus dikudu.”
Maen sing kaping siji, ketemu lawane saka Sukoharjo.
Merga nembe maen, enyong karo Pak Sono, pada-pada nembe perjalanan adoh, dadi maen ora patiya kompak. Alhamdulillah menang. Enyong ora pan nyeritakena olihe pira-pira, merga ora perlu, tapi cukup menang kalahe bae.
Maen kaping lorone ketemu saka Semarang, ya kuwe saka Universitas PGRI. Maen kayong mulai rada rame, merga radan imbang. Alhamdulillah, menang maning.
Maen kaping telu, ketemu lawane saka Solo. Nah lawan ping telu luwih pinter tur nganggo nemen, alias pinter nemen.
Enyong karo Pak Sono kalah adoh. Embuh adoh saka ngendi maring ngendi. Kurang sadelat sadurunge kalah, senar rakete Pak Sono tugel. Dadi deweke kudu ganti raket sing gudu cekelane.
Maen ping papat, nggolet juara telu. Lawane embuh saka endi enyong klalen. Merga Pak Sono wis ora gelem nerusna.
Jare panitiane, “Pak, eman-eman, angger sampeyan maen mesti juara telu. Merga lawane sampeyan maene ora pinter, egin apik sampeyan.”
Jawabe Pak Sono, “Wah, raket enyong senare pedot sih pak. Maene dadi kayong ora kepenak. Wis enyong ngalahlah, juara telune nggo lawane enyong.”
Enyong meneng bae, batine enyong pan nggolet juara, tur wis pan olih ka pak Sonone ngalah.
Tapi ya pan priben maning, yen pak Sonone ora bisa, iloken enyong pan maen dewekan.
Akhire panitia ngomong, “Ya wis pak, berarti lawane sampeyan sing menang.”
Panitia ngomong kaya kuwe, tapi wong sing pan dimenangna ya gurung katon nang lapangan, merga deweke main nang lapangan sejen.
Pertandingan wis dianggep pragat, kanca-kancane enyong pada balik maring Tegal, nganggo mobil dewek-dewek.
Enyong tetep nganggo sepur mangkat balik. Merga sepure egin suwe, enyong ayem-ayeman nang lapangan. Isis-isis, bersih-bersih, malah klakon adus, lan ganti pakaean.
Nah... lagi istirahat ngilangna kesel, merga saesuk maen ping telu, enyong ditekani panitia tenis.
Deweke ngomong kaya kiye, “Pak Maufur, merga lawane sampeyan sing pan dimenangna jebule wis balik luwih disit, dadi sing olih juara telu sampeyan. Kyeh saiki sampeyan tandatangani. Sesuk tak umumna yen juara telu tenis lapangan saka UPS Kota Tegal.”
Enyong ya semaur, “Oh kaya kuwe, dadi enyong juara gudu merga ngalahna musuh, tapi merga wonge egin ana. Ya wis, sapira susahe tanda tangan. Mene, tak tandatangani.”
Jare panitiane, “Suwun ya pak”.
Jare enyonge, “Pada-pada matur suwun, malah enyong luwih matur suwun.”
Balike numpak sepur, enyong WA maring Pak Sono. “Pak, sauwise sampeyan balik, mau panitiane marani enyong. Trus takon, “Pak kiye lawane sampeyan, egin pan tetep nyoba ngelawan, apa sampeyan tetep ngalah?”.
Trus sadurunge njawab, enyong takon karo panitia.
“Lamon musuhe enyong wong loro, toli tak lawan dewekan olih belih?”
Jawabe panitia, Angger lawane gelem, ya monggo.
“Eh jebule lawane gelem. Dadi pak Sono, enyong kepaksa ngladeni maen dewekan lawan wong loro. Sebab enyong wis tak niati juara, iloken balik tangan kosong”.
Karo nang batin, ah pak Sono ora weruh ikih, palingora bakal percaya tak critani kaya kiye, sebab hal sing mustahil.
Bar kuwe enyong nerusna crita ngarange.
“Sauwise maen, sing langka penontone pak, ndilallah enyong menang pak. Dadi saiki UPS Tegal juara telu pak. Siji lawan loro, Hebat owh ya.”
Enyong wis ngira-ngira, pak Sono ora bakal percaya, toli ora bakal nanggapi. Apa maning deweke lagi nyetir mobil maring Tegal.
Esuke deweke olih kabar lewat online, yen nang pengumuman kecantum juara telu aran Sono Prabowo kamben Maufur saka UPS Tegal.
Nembe deweke WA maring enyong. “Wah sampeyan hebat, tak kira ngarang, sebab sampeyan kuwe tukang ngarang, eh jebule bener, aran enyong karo sampeyan kasebut juara telu. Sesuk nang dina resepsi diundang Kopertis maring Semarang nggo nampa hadiah.”
Enyong dadi ngguyu dewek. Sebab angger enyong temenanan, diarani ngarang. Eh angger ngarang, malah diarani temenan, trus diarani hebat pisan.
Dadi ya wislah pan priben maning, delengna bae gen. Sing penting pak Sono Seneng.
Luwih seneng maning angger sesuk nampa hadiah piagam karo ana duite. Bar kuwe deweke ngabari, “Pak Maufur, hadiah wis tak tampani, duite wolung atus ewu, lumayan”.