Kalah Nang Landratan Bayare Sehahahaha

Rabu, 1 April 2026 | 10.58
Ilustrasi suasana pagi di warung sederhana dekat pasar tradisional Tegal. Man Damin datang dengan sepeda ontel, sementara tiga warga menikmati sega lengko dan teh panas sambil berbincang santai.
Ilustrasi suasana pagi di warung sederhana dekat pasar tradisional Tegal. Man Damin datang dengan sepeda ontel, sementara tiga warga menikmati sega lengko dan teh panas sambil berbincang santai.

Cerita Man Damin dan kawan-kawan membahas polemik Pasar Esuk Tegal yang kalah di pengadilan. Warga heran karena pemerintah harus bayar miliaran ke investor.

Daning : Yono Daryono

Esuk-esuk, Man Damin wis ngetokna pit kunane, pan ucul sing umah. Biasane sarapan ponggol ndisit tembe lunga. Yu Nah sing adol sega bubur nang ngarep umahe Man Damin, kayong tembe ngranapi Man Damin ora tuku sarapan esuk, Yu Nah bingun toli nyapa.

“Man Damin Ngenjleg bae, dengaren ora tuku sarapan ndingin, engko semineb. Repan aring ngendi," jare Yu Nah.

“Klintang-klintong, Nah”. Jawabe Man Damin Karo ilang ileng bongcengan pite mbokatan ana sing ucul.

Baca Juga: Ini Rekomendasi Wisata Liburan Long Weekend April di Pemalang

Dine kiye, Man Damin pengin sarapan sing luwih enak, aja lawuh adug-adug tempe bae. Biasane langganane Man Damin ning ora warung Kasmud ya…warunge Yu Tur sing nang mburi pasar esuk.

Angger ndeleng glagate tah sing pan diparani Man Damin warunge Yu Tur. Bener bae, Man Damin maring warunge Yu Tur. Sawise Man Damin ngunci pite nang ngarep warunge Yu Tur, Man Damin bledeng manjing warung. Nang njero warung wis ana Wa Kemung. Gurung suwe njagong, jenggonggos Wa Kamid teka. Dadi pepek wong telu sing biasane kumpul-kumpul moci bareng. Sawise pesen sega lengko, Man Damin mulai mreceka.

“Mung…Mung, jare rika priben, masalah pasar esuk nang landratan pemerentahe Tegal kalah karo wong siji,” Man Damin takon maring Wa Kemung.

Baca Juga: Sejarah Desa Cempaka Tegal, Sosok Putri Cantik dan Sayembara Tuk Mudal

“Embuh yah…, ” jawabane Wa Kemung. “ Berarti pemerentahe mbayar maring investor, Min?

Halaman 1 dari 3

Artikel Terkait