Mata Kecila Banyu

Selasa, 17 Maret 2026 | 10.08 WIB
Ilustrasi Pak Maufur dan sesepuh tenis Tegal tetap semangat meski hujan deras dan listrik padam.
Ilustrasi Pak Maufur dan sesepuh tenis Tegal tetap semangat meski hujan deras dan listrik padam.

Pak Maufur teka GOR Tegal, sesepuh tenis padha seneng meski udan deres, peteng, lan musik tetep ngiringi kegiyatan.

Daning : Maufur

DINA Jumat tanggal nem belas Mei bar isya, enyong nembe balik sing masjid olih telpon saka pak Purnomo.

Batine enyong, ndingaren pak Pur telpon bengi-bengi. Soale wis lawas nemen langka kabar lan suarane. “Pak Maufur maaf kyeh, enyong dipaido karo pak Edi Pranowo ketua PELTI. Jare pak Edi, bisane ana acara tenis bengi kaya kiye pak Maufur ora dikandani lan diundang.

Wis saiki mumpung egin ana wektu, pak Maufur diundang liwat telpon. Mekaten pak, saniki monggo panjenengan ngrawuhi wonten GOR, rencang-rencang saking pemkot nggih pun katah teng riki”.

Baca Juga: Bupati Tegal H Ischak Instruksikan Kantor Kecamatan Jadi Rest Area

Krungu omongan pak Pur kaya kuwe, enyong gagiyan nyemauri. “Ya pak Pur, insyaAllah enyong bisa teka, sedelat maning anjog nang kono, sampeyan aja watir, bisa wis”.

Sauwise kuwe enyong cepet tata-tata, salin nganggo kaos, clana pendek, lan nyiapena tas raket tenes karo seisine. Bar kuwe ngetokena mobil, langsung njujug maring GOR Wisanggeni. Sadelat anjog, tekan ngarep pan manjing lawang lapangan tenes, pak Purnomo wis ngadang, toli marani.

“Nah kiye enyong wis ayem panjenengan wis nang kene. Gadi angger pa Edi Pranowo sadelat maning ana nang kene ora bakal ngomel-ngomel kaya mau. Nah kaeh, kebenaran pak Edi wis nang mburine pak Maufur”.

Baca Juga: Bupati Brebes Pastikan Harga Sembako Jelang Lebaran Masih Terkendali

Sauwise salaman karo pak Purnomo, enyong salaman karo pak Edi Pranowo. Jare pak Edi, “Pokoke kanggone enyong tah, angger ana pak Maufur, kanca-kanca pemkot sing doyan tenes pada seneng kabeh, gadi perlu diulemi kusus”.

Bar kuwe, wong telu manjing nang lapangan tenes. Anjog nang njero wis ana pak Yakin Basuki. Kacek sadelat, teka pak Felik. Enyong njagong bareng-bareng sameja, ngobrol wong telu. Istilahe pak Edi Pranowo yen ngarani, “Mereka para sesepuh olah raga tenes Kota Tegal”. Enyong sih mung mbatin, ya pancen sesepuh, wong umure wis sepuh-sepuh.

Pak Yakin Basuki, umure 72 (pitung puluh loro) taun. Egin ajeg sregep olah raga tenes, saminggune maen tenes anjog patang pisan. Sapisane embuh pirang set. Pak felik, umure wis 68 (sewidak wolu) taun.

Seneng lan pancen pinter tenes. Yen maen tenes maring endi-endi ora, tekan Eropa, Amerika, lan nembe bae balik saka Australia, mung andon tenes nganggo duite dewek. Kanggone atlit tenes veteran tahun saiki, deweke urutan 98 (sangang puluh wolu) tunggal putra dunia.

Apa ora hebat? Saka Tegal loh. Jare pak Edi Pranowo karo guyon, “Ndean tah liyane wis pada mati, gadi deweke urutane bisa hebat”. Krungu omongan kaya kuwe, enyong mung ngguyu.

Ngrongokena critane wong loro soal keturunan dawa umure, asyik uga. Pak Yakin Basuki, emboke urip anjog umur 93 (sangang puluh telu) taun, embahe urip anjog umur 102 (satus loro) taun. Samana uga emboke pak Felik, saiki umur 91 (sangang puluh siji) taun.

Tihale umur wis sepuh nemen, tapineng kabeh ngurus dewek. Jare pak Felik, “Pamane enyong umur wis 100 (satus) taun, tapineng egin bisa pus ap ping wolu”. Batine enyong, wah kiye nasehat nggo bocah utawa wong-wong sing egin enom, ben aja pada cepet loyo.

Yen soal umur wis jelas sing ngatur Gusti Allah, tapineng yen urip sehat lan bregas nang dina tua, dewek sing kudu ngatur. Salah sijine sregep olah raga.

Karo ngenteni tekane ibu wali kota, bunda Shita, enyong bala pak Joko Syukur, ngelawan pak Yakin Basuki sing balane aran pak Joko uga. Liyane ya pada maen, nggolet bala dewek-dewek, utawa diatur karo pak Purnomo.

Sadurunge etungan pada pragat, bu wali anjog. Gadi sing lagi maen tenes pada liren disit, soale pan ana acara pembukaan lan sambutan. Kaya biasane, urutane acara, laporan ketua panitia, maju pak Imam Badarudin. Bar kuwe, ketua PELTI Kota Tegal, pak Edi Pranowo. Terus nembe bunda Shita.

Sauwise sambutan-sambutan pragat, eh grimis mung sadelat, langsung bresss udan gede nemen, nggrojoki lapangan tenes nganti banjir mluber. Wis kaya kuwe angine ya mobat mabit nggawa banyu udan nyipret maring endi-endi ora. Panggonan acara teles klebes kabeh.

Enyong sing bar maen lan rumangsa kaos wis teles klebes merga keringeten lan uga ketambahan kecipratan banyu udan, gagiyan cepet-cepet copot lan ganti kaos.

Jare mas Herviantoi, “Ih, pak Maufur wong paling kendel sa Kota Tegal kyeh, ucul-ucul kaos, wuda klambi nang arepe bu wali kota”. Wong-wong sing njagong nang pereke pada melu gomong, “Wah iya ah”. Enyong njawab maring mas Hervi, “Ora papalah, bu wali ya ora nyawang lan ora weruh ikih”. Lah pan weruh priben, sapanggonan tapi awit udan gede teka, listrik ndadak mati pet, nang lapangan tenes ya peteng dedet.

Enyong malah ngomong guyon maring mas Hervi, “Jare kiye nang kota, ganing peteng dedet-det yah”. Mas Hervi nambahi, “Iya, yen kaya kiye ora beda karo nang Mejasem ya pak”? Enyong njawab singkat, “He eh”.

Nah nang kene kyeh, tihale peteng dedet, tapineng wong-wong tetep pada asyik mangan jajanan karo panganan sing disediakena panitia. Gadi ya pancen matane wong-wong maring panganan pancen pada awas.

Yen manuk dara, istilahe mata “kecila banyu”. Mabur duwur, tur egin adoh, diklepeki langsung ngincup mudun lan menclok nang dara wadon. Buktine pada bisa njukut panganan nang petengan.

Ana kacang, gedang, jeruk, soto, sate, wedang jahe, lan liya-liyane. Ndea bae malah ana sing mumpung lagi petengan, gadi angger entek terus egin kurang, nambah. Kurang maning, nambah maning. Buktine panganane laris manis, ludes, entek kabeh. Yah maklum, arane gen wong akeh, macem-macem pisan.

Kejaba kuwe merga udan gede lan peteng, tenes tah mandeg, tapi lan nginung lancar, musik organ tunggal ya tetep jalan. Merga nggo musik, wis sedia mesin disel. Sing nembang gantian saka pak Musa, pak Purnomo, pak Ali Sarjono, pak Edi Pranowo, lan bunda Shita. Malah bunda Shita nembang sing salah siji syaire monine, “Di bawah sinar rembulan”.

Padahal nang kono lagi peteng dedet. Ana sing ngomong, embuh sapa soale ora katon, peteng. “Lah wong petenge kaya kiye ka”. Jenis lagune ya macem-macem, saka kroncong, pop, lan ndang dut.

Ana tembang kenangan utawa tembang lawas, lan ana tembang sing egin anyar gres. Yen enyong ta biasa, angger dikongkon nembang, nembange lagu sing pan teka, gadi playere mumet ora bisa, otomatis enyong ora sida nembang, beres. Jam sepuluh kurang, udan terang, listrik murub, acara ditutup karo pak Purnomo.

Wong-wong pada bubar, balik nang umahe dewek-dawek. Enyong ditakoni mas Hervi, “Pak Maufur ya pak Kondur”? Karo mlaku enyong njawab, “Iyalah, iloken pan nginep”.

Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule "Mata Kecila Banyu". Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun.