Mertabatna Basa Tegal

Senin, 13 April 2026 | 10.03 WIB
Ilustrasi Suasana diskusi budaya di Kota Tegal dengan latar bangunan bersejarah, menggambarkan semangat masyarakat dalam menjaga dan melestarikan bahasa daerah di tengah arus zaman.
Ilustrasi Suasana diskusi budaya di Kota Tegal dengan latar bangunan bersejarah, menggambarkan semangat masyarakat dalam menjaga dan melestarikan bahasa daerah di tengah arus zaman.

Refleksi Kongres Bahasa Tegal 2006 hingga kini, harapan pelestarian bahasa daerah belum optimal meski upaya komunitas dan lembaga terus berjalan.

Daning : Maufur

ENYONG egin kemutan, gemiyen wektu tanggal papat April, taun 2006, nang Hotel Bahari Kota Tegal, ana kegiatan sing arane Kongres Bahasa Tegal. Nang sanjerone kongres diomongna soal Pengajaran Bahasa lan Sastra Tegal, Sejarah lan Pengembangan Bahasa Tegal, lan Materi Pembelajaran Bahasa Tegal.

Yen ndeleng aran kongres, iya bae wong-wong pada ngarep-ngarep engkone bakal ana kasile sing bisa ndadekena basa Tegal sang saya moncer. Salah sijine rekomendasi kasil kongres yakuwe soal pengajaran basa tegalan nang sekolah.

Akeh wong sing ngarep-ngarep bisa dilaksanakena, Tapineng embuh apa sebabe, anjog saiki kayong laka abane, laka suarane, lan laka juntrunge. Yen ndeleng kahanane kayong malah kanclep clep.

Baca Juga: Silaturahmi Lebaran di Purbalingga, Anies Baswedan Kunjungi Sahabat Lama Saat KKN di Kracak

Enyong egin kemutan, sepuluh taun sauwise kuwe, taun 2016, enyong karo kanca-kanca dilantik dadi Penguru Pengkajian lan Pengembangan Bahasa Tegal. Tempate nang Politeknik Harapan Bersama Kota Tegal.

Wektu kuwe sing nglantik bapak Prof. Dr. Tri Jaka Kartana, ngwakili bapak Prof. Dr. Rustono saka Semarang sing ora bisa teka, merga lagi ana acara nang Jakarta. Tapi seuwise ngadeg, lan olih pengesahan saka Menteri Hukum lan Hak Azasi Manusia (Menkumham), gurung ana trobosan kegiatan sing bisa pengarepan masyarakat lan sing seneng basa tegalan dadi klakon.

Lagi ngemuti kaya kuwe, ujug-ujug enyong olih WA saka Yeyeh Guritno. Tak buka lan tak waca isine, “Sing tak hormati pak Maufur, pengurus Lembaga Pengkajian dan Pengembangan Bahasa Tegal, diarep-arep tekane nang dina Kemis tanggal 17 Oktober 2017, jam 17.00, nang umaha pak Prof Dr. Tri Jaka Kartana, jalan Cepaka no. 32 Kota Tegal. Acara mbahas kegiatan lomba maca puisi tegalan nang sanjerone taun 2017.” Enyong langsung mbales, “Ya pak, siap, in syaa Allah. Enyong ya wis lawas ngarep-ngarep.”

Baca Juga: [EDITORIAL] Kado HUT ke 446 Kota Tegal, Menangkap Spirit "Tangguh Pantang Ngangluh"

Pas dinane, jam 14.50, enyong wis teka anjog umahe pak Tri Jaka Kartana. Nang njero umah wis ana; Haryo Guritno, Hasbi Affandi, Budiantono, Sofi Budiarso, lan iya bae sing nduwe umah, pak Tri Jaka.

Karo nunggu kanca liyane wong enem ngobrolaken liyane. Biasa soal kabar-kabar sing kabur. Enyong bae ora kemutan mauneng ngomongna apa, anjoge ngomong apa. Sing jelas tah ora patiya penting. Terus enyong ngubah omongan, nyritakena babagan sing ana sambunge karo tegalan.

Enyong crita, “Masyarakat Tegal, khususe para penggiat basa tegalan wis sering nganakena kegiatan, pirang-pirang kreasine nyipta tulisan apa bae nganggo basa tegalan. Kayaha: syair lan tembange, puisi, novel, naskah drama, jinggel iklan, musik, buku, kamus, wayang golek, wayang kulit, konggres basa lan sastra tegalan, film, lan liya-liyane.”

Kandane enyong maning, “Uga akeh mahasiswa lan dosen sing nulis skripsi, tesis, lan disertasi ngomongna babagan basa utawa sastra tegalan. Maksude nggo nudukena karo masyarakat umum, kye loh, penguripan, perasaan, pikiran, angen-angene wong Tegal, lan kedadian sing ana nang Tegal kye kaya kiye. Tak tulis, ben pada kenal, paham, pada mbatin, lan ngelakoni.

Kejaba kuwe wis ana, utawa wis ngadeg sing arane Lembaga Pengkajian dan Pengembangan Bahasa Tegal. Jare enyong tah kari pemerintahe kepriben, ana perhatian apa ora?”

Bar kuwe nembe mbahas, siap-siap nganakena lomba maca puisi tegalan. Mulai saka antar kelurahan, antar kecamatan, trus nembe tingkat kota. Enyong takon maring Yeyeh, “Kapan nglakonine?” Dijawab, “Ya nang sanjerone taun kiya, paling telat nang wulan Desember.”

Dina Santri sing diperingati nang dina Ahad wingi, tanggal 22 Oktober 2017, kecaba ana upacara nang alun-alun kota, ana uga seminar nang gedung Adipura Balai Kota Tegal.

Temane, “Kemandirian Santri dalam Era Globalisasi”. Sing dadi pembicara kunci, pak Gubernur Ganjar Pranowo. Nah pembicara sing ora kunci, enyong karo pak Dr.Basukiyatno.

Nang sanjerone acara, kanggo nguri-nguri basa tegalan, enyong kecaba dadi nara sumber, tetep bae selingane maca puisi tegalan. Judule, “Lelaku Santri”.

Isine: Aja maning ngimpi, turu lali baé durung/ aja maning ngopi, nggodog banyu baé wurung/ pribèn pan ngango topi, wong ning ngisoré nganggo sarung/ Priben pan mangan lawuh daging sapi, yong adoh sing warung/.

Tangi turu ndonga ndisit, bar kuwe adus nganti bersih/ Mapag subuh maring mesjid, solat sunah aja kosi kesisih/ Sadurunge mbuka koran, wis maca ayat-ayat al-qur'an/ Sadurunge mangkat kerja, wis nglakoni solat duha.

Enyong kudu ikhlas takdir Gusti, sing wis nentukna lair lan pati/ Sing penting ndonga saban dina, lan usaha temenan mbang kana-kana/ Uga ora mung kerja lan mikir, tapi kamben ndonga lan dzikir/ Rejeki sing diparani, ora mung duit sing tak tampani/ Tapi nikmat sehat, nikmat sempat, lan ilmu manfaat/ Kuwe arane sangu dunia akherat.

Sauwise seminar pragat, dr. Muslich Dahlan maca rekomendasine: Ping siji, supaya masyarakat ora aja ragu-ragu nglobekena anake nang pondok pesantren, sebab pondok pesantren dudu tempat buangan bocah-bocah sing nakal; Kaping loro, para santri nang pondok kye yen sinau temaenan, merga kudu paham lan apal; Kaping telu, supaya pemkot sapa mbuh sapa walikotane, tetep nganakena peringatan nang saben tekane dina santri.

Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule "Mertabatna Basa Tegal". Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun.

Artikel Terkait