Rumah susun sederhana sewa

Selasa, 7 April 2026 | 10.59
Ilustrasi rusunawa mangkrak di Kota Tegal masih kosong tak berpenghuni, warga hanya bisa menunggu kepastian hunian yang tak kunjung datang.
Ilustrasi rusunawa mangkrak di Kota Tegal masih kosong tak berpenghuni, warga hanya bisa menunggu kepastian hunian yang tak kunjung datang.

Rusunawa Tegal mangkrak sejak 2011 belum dihuni, warga kecil yang berharap kini resah menanti kepastian hunian yang tak kunjung datang.

Daning: Yono Daryono

RUMAH susun sederhana sewa (Rusunawa) nggo warga kota Tegal sing ora nduwe atawa wong mlarat nguja digawe awit 7 November 2011, sampeken saiki gurung ngarti kapan warga bisa manggoni.

Malah sing wis pada ndaptar nyewa ya gurung ngarti deweke keduman apa belih. Wong jare sing ndaptar akehe nemen, ping pindone jumlahe sing disewakna.

Semono uga Bambang Dayu, adine Man Damin wis ngarep-ngarep olih Rusunawa endah ora melu umahe mertua sol-solan karo dulur-dulure.

Baca Juga: Efisiensi Anggaran, Pemkab Brebes Tegaskan Tak Ada Pengurangan PPPK

Saben slonjor repan turu bengi ketap-ketip ngetung usuk karo mikir melu kedaptar apa ora, nganti saprene gurung ngarti primen nasibe.

Atusan warga Tegal liyane sing segurunge rame-rame ndaptar saiki pada ngresula ora ngarti kapan Rusunawa dibagi, olih apa ara kayong ngapirna. Repan luruh utang nggo kontrak mbokan olih Rusunawa. Ora age-age luruh kontrakan wis wayahe kudu metu saka kontrakan.

Ana sing ngomong, Rusunawa gurung bisa dienggoni krana gurung ana listrike karo gurung ana ledenge.

Baca Juga: 77 penumpang batal tiket di Pekalongan imbas rintang jalan di bumiayu

Pemkot lagi nggawe sumur bor mbuh kapan pragate. Gadi Rusunawa sing wis katon magrong-magrong megin suwung, saiki sing manggoni belis kali si Belis.

Sing njaba katon singit, apa maning angger bengi luwih singit sing kadohan manglih kaya pagupon, lampune kelap-kelip.

Temboke wis akeh sing mletek, ubin keramike akeh sing pecah toli pating pendusul ora rata.

Rusunawa sing karepe nggo mbatu wong sing ora nduwe ben ngrasakna urip anyem. Udan ora kudanan, panas ora kepanasen.

Ana kondong nggo turu, ana kondong nggo dayoh, jumblenge ya ana. Repan adang ana panggonane dewek, toli ana sing nggo meme pakean ora ketang seiprit.

“Eman-eman temen ya, umah tumpuk lima apik-apik bisane dijorna suwung ya Man Damin?” Jarene Wa Kamid aring Man Damin.

“Lah kuwe gadi mangkrak, Wa,” semaure Man Damin. “ Ubin keramike akeh sing pecah, cet temboke wis ora gilap, toli akeh sing mletek”

“Ora mung kuwe Man Damin. dlanggung sing nang ngerepe Rusunawa ya sering nggawe prekara, ” kandane Wa Kamid sing maune njagong nang padung tangi ngadeg karo tangane srawean. “Warga jalan Sawo mbang kulon sing akeh wong adol kupat blengong rentengan pinggir gili pada ngresula. Gili ora mung aspale pada nglotok, sedawene gili awit ngarep kecamatan Tegal Barat sampeken brug Belis simpangan karo Jalingkut (Jalan Liangkar Utara) pating jluwag akeh luwangane atawa bolongane. Angger udan ora mung cebrik atawa paluh, sing nggo matiri luwangane ngecembong banyu udan, akeh wong nganggo pit atawa mongtor sokan keblosok wonge tatu, mlaku pinggir, kebelet.”

Gili ngarep Rusunawan, nggo pranti liwat wong-wong sing repan maring Muaratua atawa pesurungan motong liwat Jalingkut sing uga mangkrak ora pragat-pragat.

Wayah udan salah mangsa kaya saiki kiye, akeh wong pada mancing nang kali Si Belis, nang gombangan, nang sawah sekitare Rusunawa. Dlanggunge sing nggo liwat ora didandandandani.

Rusake gili ngarep Rusunawan kuwe krana anane pembanguanan Rusunawa. Trek-trek gede liwat gili cilik riwa-riwi nggawani matrial.

“ Man Damin, rika kudu ngomong maring RT ne, kuwe gili ngarep Rusunawa sing ngrusak trek-trek gede lagi mbangun Rusunawa dibenerna oh. Aja mung didelengna tok, wis taunan ka,“ kandane Wa Kamid. “Aja maning ka RT ne Kang, maring Kapala Dinas PU bae nyong wis tau wadul, jarene engko dong ana duwit mbokatan anggaran taun ngarep, “ semaure Man Damin. Egin rahat-rahate ngobrol karo Wa Kamid, Bambang Dayu adine Man Damin anjog toli melu nyrandu.

“ Priben, Kang. Nyong sida olih Rusunawa bleh, “ jarene Bambang Dayu karo kukur kukur tangan sing ora gatel. “ Lah ya, nyong tembeken klakep ngomong bab kuwe karo Wa Kamid. Anuk.., Mbang Rusunawa gurung pragat, toli gurung dibagi gurung ngarti sapa sing olih.” Semaure Man Damin maring Bambang Dayu.

Rusunawa dijegerna ganing warga sing pengasilane setitik, ora nana abane kapan dibagi. Gili ngarep Rusunawa rusak sing sering gawe prekara uga ora dibener-benerna. Gurung kompleks BTN Nanas sing ben udan keleban bayu duwure sampeken sedengkul.

Kaya kuwe sedulur, cerita Man Damin karyane Kang Yono Daryono, sing judule Rusunawa. Mengko disambung maning karo cerita liyane. Suwun.