Stasiun Sepur

Selasa, 10 Maret 2026 | 10.10 WIB
Ilustrasi aktivitas warga di perlintasan rel dekat stasiun kereta, menggambarkan mobilitas masyarakat dan kehidupan sehari-hari di sekitar jalur kereta.
Ilustrasi aktivitas warga di perlintasan rel dekat stasiun kereta, menggambarkan mobilitas masyarakat dan kehidupan sehari-hari di sekitar jalur kereta.

Tulisan Tegalan ini menyoroti keluhan soal layanan kereta, parkir stasiun, hingga aturan PT KAI yang dinilai memberatkan penumpang.

Daning : Maufur

RONG minggu wingi enyong nulis artikel Tegalan, judule ‘Tangkreban sepur’.

Intine nyeritakena hebate Kota Tegal, merga kabeh simpangan dalan sepur karo dalan umum wis ana tangkrebane, terus wis ana sing njaga.

Eh.. barang kaya kuwe let sadelat, koran Suara Merdeka mbritekena soal jajan karo jatah mangane nggo sing njaga tangkreban kye ora peta.

Jatah nggo mbayar jajan... pitungewu limangatus perak, tapi olih jajane kaya sing regane limang atus perak, saduwur-duwure mung pitung atus seket perak.

Baca Juga: Akhirnya, Menhut Izinkan Lahan Perhutani Digunakan Pukesmas Balapulang dan Margasari

Mangane dijatah sangalas ewu limang atus perak, tapineng rupa panganane kaya rega sepuluh ewu tok.

Dadine segane sering diguwang, lan jajane sokan dineken-nekena boca-bocah sing ana perek tangkreban sepur. Dadi kayong melasi, ora sida hebat.

Saiki enyong pan crita stasiun sepur.

PT KAI kye pancen lagi ndandani pirang-pirang perkara, luwih-luwih stasiune.

Pirang-pirang stasiun sepur digedekena,  ben bersih, tertib, aman, nyaman, lan liya-liyane. Stasiun-stasiun sepur dadi akeh apike, tapi ya kuwe, jare wong-wong ora apike ya akeh.

Baca Juga: Kalender Jawa Weton Hari Ini 10 Maret 2026, Selasa Legi Si Pemarah Tapi Menyenangkan

Angger sampeyan manjing latare stasiun kreta api nganggo mobil, gelem ora gelem sampeyan kudu mbayar parkire telung ewu perak. Padahal ning njaba, sing tempate adem bae mung rong ewu.

Seumpamane sampeyan pan tuku karcis sepur kaligung mas mbuh kaligung perak utawa kaligung tembaga (yen ana), ngantrine dawa nemen.

Seumapamane wis ngantri, terus wayahe anjog ngarep loket, ujug-ujug  karcise jebule wis entek ya aja kaget, sebab pancen ora dikandakena sadurunge yen karcise wis enggal entek utawa kari sacuil.

 

Yen sampeyan pan pesen karcis nggo dina sing pan teka, kudu ngati-ngati nulise nang blangko pesenan.

Soale yen wis dilayani toli ana salahe, sampeyan kepengin mbenerna, ana biaya tambahan.

Yen sampeyan ora sida lunga sing pada karo jadwal, seumpamane pan maju utawa mundur, kuwe dianggep ora sida alias batal.

Pancen karcis sadina sadurunge bisa dibalekena, tapineng duwite sampeyan dikurangi rong puluh persen, tur mbalike kudu ngenteni sawulan.

Yen duite sampeyan ora dijukut dewek nang stasiun, tapi njaluk dilebokena bank, sampeyan kudu ngentenine sawulan setengah.

Duite sampeyan kabeh sing wis dikurangi rong puluh persen, toli ngendon anjog sawulan luwih kuwe embuh urusane, enyong durung ngarti.

Angger sampeyan ndelenge mung nang Stasiun Tegal sih ndean katon sacuil.

Tapineng yen sampeyan ndelenge nang Stasiun Gambir, sing ora sida mangkat utawa ngerubah wektu mangkate, akeh nemen.

Enyong tau ngerubah wektu balik maring Tegal nang stasiun Gambir. Ngantrine nomor papat, kayonge sadelat maning pan dilayani.

Jebule,... sing ngantri nang arepe enyong nggawa karcis sing pan dibelekan ana sing wolu, ana sing patang puluh, lan limang karcis.

Dadi enyong pada bae kaya ngantri nomor seket papat.

Waduh-waduh, padahal sepure sing pan tak tumpaki kari sedelat maning mangkat.

Alhamdulillah wektu kuwe pas tok, pragat, nyemplak, trus sepure mangkat.

Enyong karo mbatin, yen dikumpulna saben stasiun kabeh pirang duit bae, salawas sawulan anjog sawulan setengah, duite sampeyan kabeh nang sajerone kuasane PT KAI.

<B>Kukur Endas<P>

Angger sampeyan pan lunga tur wis tuku karcis, tapi telat teka maring stasiune mbuh pirang menit merga sepure wis teka lan wis lunga, karcise sampeyan kobong, geseng alias sampeyan mung bisa mlongo ngo.

Kuwe pancen wis bener. Tapineng  yen sampeyan wis ngenteni sepur nang stasiun nganti telung jam ora teka-teka, sampeyan ora bisa apa-apa. Bisane mung kukur-kukur endas sing ora gatel. 

Pancen angger sampeyan urusan karo PT KAI, langka menange.

Aja maning ka sampeyan, pemerintah daerah bae ora bisa apa-apa. Mergane kaya pemerintah daerah Kota Tegal kudu nganakena tangkreban sepur dewek, mbiayai penjagane dewek, dalane dijukut nggo ngambakena enggone parkir, lan parkir mbayare luwih larang, ya pan priben maning.

Jare wong Tegal, wis kalah set.

Saiki enggone parkir wis sesek nemen, apa maning angger wayahe sepur kaligung teka, aja-aja saya suwe dalan nang bunderan taman poci bisa dadi nggo ngambakena parkir motor lan mobil stasiun kreta api.

Pak Darto bae wadul kaya kiye : “Masa sepur Kaligung Mas wayah mangkate jam 04.30 bareng karo adan subuh? Ya wis jelas akeh wong muslim sing pan numpak sepur kuwe pada kedebugan ora karuan”.

Sangking ora bisa usul apa-apa mbuh sangking sewot, deweke malah mbanding-mbadingna aturan.

“Pancen KAI nduwe aturan dewek, tapineng aturan Gusti Allah kye wis ana luwih disit tur kudu, sadurunge ana aturan KAI”.

Bar kaya kuwe esih ana sing diwadulaken.

“Enyong nganter anak, ngrewangi nggawa barange sing abot tekan njero bae ora olih. Barange dijaluk lan digawakena satpam, tapineng mung ngeliwati lawang tok. Bar kuwe anake enyong keser-keser nggawa barange. Pan njaluk tulung poter utawa kuli panggul wektu samana langka. Ndeleng kaya kuwe ya melas”.

Batine enyong, ndean bae pegawai stasiun ya ora urusan.     

Angger ndeleng mono, luwih-luwih wong-wong bakul asongan kaya sing nang stasiun Kota Cirebon, diusir ora olih dodol nang jero stasiun, pan demo kaya apa bae, ya tetep ora bisa.

Pokoke PT KAI nduwe aturan dewek, sing akehe  gawean wong landa gemiyen.

Landane wis minggat suwe, Indonesiane wis merdeka, lan demokrasi Indonesia wis luwih apik. Kabeh-kabeh kye yen maksude apik, carane apik, apike nggo bareng-bareng,  insyaAllah kasile apik. Amin.

Artikel Terkait