Benderane Kuwalik

Selasa, 31 Maret 2026 | 15.03 WIB
Ilustrasi Dua warga bersepeda keliling kampung saat perayaan kemerdekaan dan menemukan bendera Merah Putih terpasang terbalik di depan rumah warga.
Ilustrasi Dua warga bersepeda keliling kampung saat perayaan kemerdekaan dan menemukan bendera Merah Putih terpasang terbalik di depan rumah warga.

Cerita Man Damin menemukan bendera Merah Putih terpasang terbalik saat keliling kampung pada perayaan kemerdekaan, mengingatkan makna perjuangan dan nasionalisme.

Daning : Yono Daryono

LAGU Indonesia Raya sing tipi, ujug-ujug suwarane atas, Man Damin kaget tangi sing peturon.

Biasane bar sholat subuh Man Damin karo batir-batire ndopok nang mburine masjid nganti srengenge mlenong, dina kiye batir-batire pada nguncluk balik jare Wa Kamid laka sing pan domongna, Man Damin melu-melu balik toli turu maning.

" Sapa donge sing nyetel tipi atas nemen, " Man Damin ngomong karo ucek-ucek mata.

" Wong-wong wis pada melu upacara pitulasan rika ka ngringkel bae Kang, " Bi Sijah Bojone Man Damin ngromyah.

Baca Juga: TPS Energi Listrik Tegal Raya Akan Dibangun di Margasari, Tiga Kepala Daerah Sudah Teken Kesepakatan

" Ya Allah iya yah dina kiye upacara pitulasan, " semaure Man Damin " Lah ndadak, " kandane Bi Sijah.

" Ish ora, nyong wis pedaminan karo Wa Kamid pan pit-pitan, lah kawe pite wis direbyang-rebyang. Toli ana pendaptaran polisi, tentara gratis nggo sapa bae sing pengin dadi polisi atawa tentara ora ketang sedina," kandane Man Damin.

" Dilah njelehi nemen sampeyan pan melu karnapal Kang ? " semaure Bi Sijah.

" Ya ora, nyong tah wis genah pan ngganggo klambi pangsi model Betawinan Jah, setelan abang kopluke abang," kandane Man Damin.

" Ganing mlonang temen, aja makha-makha lah Kang, engko darani wong lagi sutris," semaure Bi Sijah.

Baca Juga: Bank Indonesia Tegal Gelar Edukasi Kebanksentralan dan Literasi Keuangan di Daerah Bencana Desa Padasari

" Ish, kiye perayaan kemerdekaan sing ping 70 taun, kudu luwih pentol timbange sing uwis-uwis oh, " kandane Man Damin.

" Pijara, " semaure Bi Sijah cekak.

Man Damin glatakan ngoleti klambi pangsi sing kelir abang ngisor nduwur, kupluke kupluk abang, ben ana semangat pitulasan ngggo kaos oblong kelir putih. Man Damin ngetokna pit kunane wis ana antene toli dingein bendera abang putih cilik. Lamon pite mlaku bendera cilike kiwar-kiwir nang jejere ban ngarep.

Sing kadohan Man Damin weruh Wa Kamid njanggleng nang ngarep umah. Wa Kamid nggo klambi setelan soklat kaya Bung Tomo, clana pendek, kupluk soklat. Klambine sekoderan ana slempange.

Nang ngarep umahe Wa Kamid, Man Damin ora mudun sing pit, Wa Kamid labas numpak pit mbarengi Man Damin. Wong loro runtungan kaya nang galeng. Muter kampung krinang-krining suara kliningane. Kampunge Man Damin umahe rambag, mung siji loro sing umahe ana garasi karo loteng. Dong wayahe pitulasan kaya kiye, pasang bendera duwur karo gedene ya rampag. Anjog ngarep umahe Wa Kemung, Man Damin mandeg Wa Kamid bingung.

" Ana apa Kang bisane mandeg, " Wa Kamid takon maring Man Damin.

" Rika ora weruh, bendera sing dipasang Wa Kemung, " Wa Kamid kaget weruh bendera nang gantare Wa Kemung kuwalik, sing abang nang ngisor kaya bendera Polandia.

Wong loro mudun sing pit. Sawise nyetandarna pit Man Damin suluk salam. Let ora suwe Wa Kemung metu sing njero umah.

" Ana apa kiye, kaya pan karnapal, " Wa Kemung gedeg ndeleng wong loro nganggo klambi ora kaya biasane.

" Manjing yuh, " Wa Kemung ngejak sanja nang umahe.

" Ora Kang nyong wong loro pan maring alun-alun, weruh bendera sing dipasang rika kuwalik dadi mampir, " kandane Man Damin.

" Rika nguja apa klalen."

" Oh... priben yah, nyong ngrasakna saiki akeh wong pada sungsang Kang, " semaure Wa Kemung.

" Ish rika aja kaya kuwe, rika bisa dituduh ngina maring bangsane dewek. Ben ora kedawan-dawan, tulung dibenerna Kang, " kandane Man Damin.

“ Iya Kang, " Wa Kamid melu-melu.

Wa Kemung ora wani semaure, let ora suwe Wa Kemung mbenerna bendera sing kuwalik. Lugune nang atine Wa Kemung megin ora bombong. Merdeka-merdeka apa ituh, lamon gemiyen tah genah sing njajah Landa karo Jepang saiki wonge dewek, olih nglawan primen. Negara wis merdeka, sing dadi penguasa akeh sing ora duwe isin wargane gampang dugal, kebablasen bebas, iman keropos, moral glopot, duwit bangrut toli ukum nglemperek. Demokrasi urip tapiken landratan tunduke maring duwit karo jabatan.

"Kyeh Kang, aja ndeleng saiki bisa pasang bendera kapan bae. Pemuda sing arane Rahmat pegawe bengkel sepur ribut karo Jepang malah pan dibedil merga manjat kantor birao masang bendera abang putih, kuwe bae dijaga Tarsono, M. Yunus karo pemuda pemuda liyane pada nggawa klewang, pedang, gobang cocolan lan gaman liyane kuwe pas riyaya 6 September 1945. Semana uga M Yusuf karo Kadarisman, otot ototan karo Walikotane njaluk bendera abang putih. Walikotane wedi karo Jepang tapiken pemuda Tegal ora wedi mlopor dipentung garane bedil. M.Yusuf, Kadarisman karo batir-batire nang ngarepe bui masang bendera wani matine." Man Damin ngandani Wa Kemung.

Kaya kuwe sedulur, cerita Man Damin karyane Kang Yono Daryono, sing judule Benderane Kuwalik. Mengko disambung maning karo cerita liyane. Suwun.

Artikel Terkait