Ngetunge Awagan Nemen

Warga Tegal, Maufur, keluhkan tagihan PDAM yang melonjak tak wajar dari Rp26 ribu jadi Rp1,8 juta. Ia protes keras hingga tagihan berhasil direvisi kembali.
Daning Maufur
MACA Warung Poci Tegal, nang koran kiye dina senen, tanggal loro wulan Juni wingi, sing ditulis daning kang Yono Daryono, judule Ngetunge Awagan, enyong dadi kemutan sing wis tau tak rasakena pirang wulan sing wis liwat.
Soale jare enyong ta malah ora mung awagan tok, tapineng awagan nemen.
Sadurunge, enyong saban wulane yen mbayar banyu nang PDAM loket pembantu unit Mejasem mung nem likur ewu.
Saduwur-duwure paling akeh, patang puluh ewu. Ndean ya radan pantes, yongan wonge saumah mung kur loro, paling akeh wong telu yen bocah pas balik liburan kuliah.
Ping pirang-pirang wulan anggeer mbayar tagihan banyu mung nem likur ewu. Eh, wulan ngarepe teka anjog ngarep loket, anake enyong takon karo petugas loket, “Pira bu?” Dijawab, “Bulan kiye patang atus ewu”.
Anake enyong sing tak kongkon mbayar ya jelas mbalik, ora sida bayar, soale mung digawani duit mung satus ewu, merga pancen salawas-lawas mbayare ora tau anjog seket ewu.
Esuke enyong teka dewek maring loket. Anjog loket enyong takon karo petugase, “Bu, bisaneng tagihane mundake akeh ora karuan, sebabe apa”? Jare petugas loket, “Ndean ta ana sing bocor pak, dadi banyune akeh sing kebuang”.
Baca Juga: Desakan Revisi UU Pemilu Menguat, Bawaslu Kabupaten Tegal Usulkan Ini
Enyong takon maning, “Kebuang nang endi bu, laka sing ngecembong lan laka sing rembes acan-acan”. Semaure petugas loket, “Wah ya embuh pak. Angger kaya kuwe sampeyan takon bae karo bagian teknisi”.
Sadurunge maring bagian teknisi, enyong mbayar disit Rp. 400.000,- glotak. Batine enyong sing penting tak bayar disit, gampang mengko urusane.
Enyong pancen ora sida maring bagian teknisi, tapineng milih balik nang umah. Nang umah enyong golet ngarti, nang endi sing kira-kira bocor.
Tak deleng garis keramik bak tandon, balon plastik sing nggo ngandek banyu mili, slang utawa pipa dalane banyu, kabeh kayonge laka sing ora normal, normal kabeh.
Nah angger meteran banyu, kuwe sing tanggung jawab PDAM, dadi enyong ora pan melu-melu. Ora tak priksa. Tapineng katon munyeng terus, padahal banyune wis kebek.
Wulan ngarepe, wayah mbayar nang loket, malah tagihane mundak maning dadi RP. 500.000,-. Batine enyong, wah kye ta wis kebangeten.
Saumah wong telu nganggo banyu anjog limang atus ewu. Masa sih? Dina kuwe uga enyong nekani maring umahe pejabat PDAM, ngomongna soal tagihan, lan saluran banyu, ndean bae nang meterane utawa sing nyatet angka meteran ora patiya beres.
Sauwise omong-omong pragat, sing intine enyong njaluk diganti meterane. Pejbate langsung nelpon petugas teknisi. “Pak, kyeh tulung nggon umahe pak Maufur, meteran lan salurane dipriksa, mbokan ana sing ora beres.
Sebab tagihane akeh nemen. Toli enggone enyong ya dipriksa, bisane tagihan anjog limang atus ewu. Mbokan bae ana sing ora beres”. Krungu munine omongan kaya kuwe, enyong dadi kaget lan eram. Lah! jebule nang umahe pejabat PDAM, tagihane ya ora beres uga ya. Ganing pada bae.Wualah-wualah.......
Dina esuke petugas teknisi teka nang umah. Priksa mana, priksa mene. Ndeleng mana, ndeleng mene. Kira-kira patang puluh lima menit, kayonge gaweane wis pragat.
Deweke pamit, “Pak uwis, ndean ta beres. Titeni bae pirang-pirang dina sing pan teka”. Enyong ya mung ngucap matur suwun, muga-muga beres.
Sawulan-rong wulan ngarepe, alhamdulillah tagihane mung Rp 126.000,- (satus nem likur ewu perak).
Batine enyong egin larang, tapi ya wis mendinglah ora papa, dibanding tagihan sing patang ataus anjog limang atus ewu.
Tapineng ya kuwe, mung rong wulan tok. Wulan ngarepe, anake enyong ngabari yen tagihan PDAM jumlahe ora tanggung-tanggung, Rp. 1.800.000,- (sejuta wolung atus ewu perak).
Enyong ngelegleg, kye banyu nggo adus karo nggo ngumbahi, apa nggo ngisi kolah sing nggo inggek. Kayong ora mung ngawag, tapi ngawag nemen.
Esuke, enyong maring kantor PDAM Kabupaten Tegal loket pembantu unit Mejasem, ketemu bagian pengaduan. “Pak, tagihan gedene sajuta wolung atus ewu, kye jelas-jelas ora bener. Enyong wis mriksa kabeh laka sing ora normal.
Wis tak coba, tak uji, laka sing bocor. Sing durung tak priksa, mung meterane karo sing tukang nyatet. Meterane enyong wis njaluk diganti, merga jare wis dibenerna, egin ajeg. Sing tukang nyatet bisa uga ora teliti, utawa ndean bae asal-asalan. Muga-muga tah kye dudu modus rusuh”.
Enyong wis sering krungu saka pelanggan PDAM, angger nakokena bab kaya kiye, jawabe mesti monine ana sing bocor. Yen ora nang bak penampungane, ya nang saluran saka meteran anjog bak. Enyong wis tau ngajak diskusi karo bagian pengaduan soal pirang-pirang ndean bae-ne tagihan ora wajar. Anjog ndean meterane, dijawab.
“Ora bakal meteran mubeng terus”. Sing kayane, miturut deweke, meteran kye mesti benere. Batine enyong, apa sing ora bisa.
Meteran yang bisa dol, rusak, ora bisa dibenerna, lan ora kanggo. Nah sadurunge, dijawab kaya kuwe, enyong langsung ngomong. “Pak, enyong belih pan mbayar tagihan sing gedene samono, dicicil ya emoh”.
Deweke takon, “Terus piben maksude?”. Enyong njawab, “Angger dipaksa kongkon mbayar samono, enyong milih ora langganan banyu saka PDAM. Tugel! Mbuh mbangkanane engko piben. Sebab miturut enyong kye ora bener”.
Jare deweke, surat tagihan yang wis metu saka kantor ora bisa dibalekena maning. Enyong ya njelasna, yen aturan kye sing nggawe wong, yen ana salahe ya kudu dibenerna. Ora apa-apa, ora salah, lan ora dosa.
Nang mburine enyong ditakoni, “Tagihan wulan wingi pira pak?”. Enyong nyelonongna kertas tagihan wulan wing karo sadurunge, satus nem likur ewunan. Bar kuwe dijaluk, lan enyong disodori tagihan dadi satus nem likur ewu. Langsung enyong mbayar, ora sida sajuta wolung atus ewu.
Balik saka loket, karo nyetir mobil enyong mikir. Wektu enyong mbayar listrik, petugase ngomong. “Bayare mundak salawe ewu ya pak”. Enyong nyemauri, “Ora papa bu, mundak salawe ewu ta radan pantes.
Angger PDAM ta ora wajar mundake”. Padahal loket bayar banyu karo listrik jejeran. Bar kuwe, enyong uga kemutan wong-wong sing pada ngresula lan nglegleg. Soale wong-wong mau olih tagihan saka PDAM luwih duwur karo sing samestine, malah pirang-pirang tikel, tapi ora wani protes, bisane mung pasrah. Enteng-entenge dikongkon mbayar nyicil ping telu. Padahal duite mung-munge. Priben carane yah?
Kaya kuwe sedulur, cerita karyane Maufur sing judule "Ngetunge Awagan Nemen". Mengko bakal disambung maning karo cerita liyane, suwun.
Artikel Terkait

Empat Emas dari Kolam Kramat, Atlet POSSI Kota Tegal Warming Up Menuju Porprov Jateng

1.317 Pelajar di Kabupaten Tegal Semarakkan Islamic Youth Festival JSIT Indonesia 2026

Plt Bupati Nurkholes Nostalgia Vespa di Deklarasi SOG Indonesia Chapter Pemalang
