Pakde, Gratifikasi Sih Apa ?

Cerita ringan berbahasa Jawa tentang obrolan lucu soal gratifikasi antara dosen dan ponakannya, mengangkat isu hukum dengan sudut pandang sederhana dan kritis.
Daning : Maufur
Kaya biasane, esuk-esuk dina jemuah, nyong karo kanca-kanca dosen lan karyawan Universitas Pancasakti (UPS) Tegal pada latihan tenes ning lapangan GOR Wisanggeni Tegal.
Karo nunggu giliran main, pak Thomas marani nyong, terus ngomong.
“Pak Maufur, nyong pan cerita soal ponakan sing angger takon apa mbuh apa kye nyerecel.”
“Ya wis ceritanen nyong dak ngerongokna. Sing arane nyerecel kye kaya apa”.
Baca Juga: Jembatan Antar Desa di Pemalang Terbengkalai, Warga Harus Putar Jauh
Terus nyong karo pak Thomas njagong silah ning pinggir lapangan sing iyub adem merga ana godong-godong wit-witan ning duwure.
Jare pak Thomas, “nyong nduwe ponakan kelas enem sekolah dasar, wingi sauwise maca koran Suara Merdeka, takon karo nyong. Pak de, upami gratifikasi niku nopo sih?"
Krungu pitakonan sing radan aneh, jarene pak Thomas ngrajug kaget. Sadurunge njawab deweke takon maring ponakane.
“Bisane koen ujug-ujug takon gratifikasi, ana apa? Maksude apa?”
Nyong sing krungu omongan “Maksude apa”, dadi kemutan bapak Sumito SIP, kanca sekantor gemiyen ning Pemkot Tegal.
Baca Juga: Penyakit Cikungunya Merebak di Kabupaten Tegal, Sejak Juni 2025 Hingga Sekarang
Angger ana wong sing ngomong ora nggenah alias delaweran, terus deweke mesti takone, “Maksude apa?”
Ya wis kuwe mung sa-clereng, saiki mablik maring lep top.
Jare ponakane, “Nggih namung pengin ngertos mawon pakde. Wau ingkang taken niku kulo, saenipun pakde njawab rumiyin, mangke nggih kulo njawab.”
“Idih-idih, ganing koen nembe kelas enem SD wis pinter kaya kuwe sih. Ya wis pakde ngalahi.”
Akhire pak Thomas nerangna sing dimaksud gratifikasi.
“Ning Kamus Hukum, gratifikasi asale saka bahasa Belanda Gratificatie, artine duit, utawa nein duit. Ning Kamus Besar Bahasa Indonesia, gratifikasi kye duit pecingan maring pegawai ning sajabane gajian alias bayaran saben wulane.
Sebab pegawai mau tau ngeladeni utawa nein keuntungan.
Nah saiki ujude ora mung duit tok, tapi bisa barang, potongan rega, nyilih duit bank ora nganggo bunga, lelungan lan nginep ning hotel dibayari, njaluk diobati ora mbayar alias gratis, lan liya-liyane merga ana hubungane karo jabatane. Paham?”
"Nggih paham pakde. Lajeng bahasa tegale niku nopo pakde?” Ponakane pak Thomas takon maning.
Pak Thomas ya njawab maning, “Angger sauwise gawean rampung arane pecingan, angger sadurunge ben olih gawean arane nyogok”.
Tapi ndean ta dasar bocah pinter, dadi masih takon maning.
“Mecingi utawa nyogok kados niku lepat nggih pakde?”
Kandane pak Thomas, deweke kayong mulai ora radan sabar, terus njawab karo takon.
“Ya sing nein salah, sing nampani ya pada bae salah. Wis saiki jawab kenang apa koen takon kaya kuwe?’
“Kulo tangled pakde niku, sepindah pancen kulo mboten ngertos. Ping kalih mergo eram.”
“Sih bisane eram kenang apa?” pitakone pak Thomas karo melu-melu eram gantian.
“Kulo maos koran, anggota-anggota dewan niku ditangledi pak jaksa soal gratifikasi, terose sami mboten ngertos. Kulo mawon ingkang taksih alit, paham. Nopo kulo mawon ingkang njawab teng pak jaksa?”
Nyong ya melu-melu takon marang pak Thomas.
“Sauwise ponakan ngomong kaya kuwe, sampeyan terus priben?”.
Jare pak Thomas, “Nyong langsung mbegis. Huusss!!! Maksude ora kaya kuwe. Anggota-anggota dewan kuwe mau ora ngerti yen ana kedadian gratifikasi, dudu ora ngerti maksude gratifikasi.”
“Oh ngoten pakde.” Pak Thomas nutup cerita obrolan karo ponakane. Pak Thomas nerusna obrolan takon marang nyong.
“Aduh, payah ta payah kae ponakan. Angger ora dijelasna bisa-bisa salah paham terus dadi pitnah. Priben miturut panjenengan pak?”
Nyong ya njawab, “lucu sih lucu, pinter tur kendel. Kae arane bocah bocah eraman terus pengen ngertinan. Ya kaya pakdene. Aja maning kedadian kaya kuwe ditakokena marang anggota DPRD. Seumpama kaya kuwe kedadian ning Kejaksaan, ya pada bae jawabane, jaksa-jaksa yang ora ngerti. Lah angger ponakane sampeyan terus maca koran maning, mengkone omongan sing metu, ganing kye jaksa sing gemiyen tau takon gratifikasi, barang ditakoni petugas petugas KPK, jawabe ora ngerti. Priben donge”
Sauwise krungu cerita kaya kuwe nyong dadi kemutan tulisane Kang Yono Daryono, ya nang koran Suara Merdeka halaman pantura dina Senen tanggal pitu November 2011.
Tulisane, “Wis limang taun laka wong ngarti ana anggota DPRD olih pecingan rekanan sing nggarap Pasar esuk, ujug-ujug ana kabar ning koran “Tatang Suandi mantan anggota DPRD Kota Tegal 2004-2009 ngaku olih duit pecingan Rp 25 juta lagi ana pembangunan Blok A Pasar Esuk taun 2007.”
Waktu samana, nyong langsung nelpon Kang Daryono.
“Kang bisane ditulis wis limang taun laka wong ngerti. Angger Tatang ngomonge pancen bener, jare nyong ta ya mesti ana sing ngerti yah. Sing nein maring Tatang ya ngerti, sing nduwe duit ya ngerti , sing nyekel catetan manjing metune duit ya ngerti. Terus ndean ta, Tatang bar olih pecingan ya mecingi kancane karo ngomong, kye nyong bar olih pecingan sing kae, sampeyan tak pecingi sacuil mbuh apa ya.”
Jawabe Kang Daryono, “Ya kae wingi, buktine kanca-kancane ditakoni ora pada ngerti. Dadi miturut nyong sementara kiye laka wong ngerti. Embuh ta mbesuk-mbesuk, ya dienteni bae kaya apa.”



