Teater Arena

Rabu, 18 Maret 2026 | 10.19
Ilustrasi Seniman Tegal resah biaya sewa Teater Arena mahal
Ilustrasi Seniman Tegal resah biaya sewa Teater Arena mahal

Cerita “Teater Arena” karya Yono Daryono soroti keluhan seniman Tegal soal mahalnya sewa gedung yang dinilai menghambat perkembangan seni budaya lokal.

Daning : Yono Daryono

KOTA Tegal, duwe gedong Teater Arena jare paling apik se Pantura Jawa Tengah sisih kulon. Gedong kiye bisa nggo mentasna drama, sendratari, musik karo tontonan liyane toli sing nggo njagong undag-undagan semen bisa nggo njagong wong 750.

Mung bae saiki lagi nggo rasan-rasan seniman Tegal, pada ngresula adong mentasna nang kono mbayare larang.

Kang Rudi Iteng sing biasa mentasna drama gudu dramane dewek tok tapiken dramane kota liya kaya sing Jakarta, Semarang, Yogyakarta lan kota tangga-tangga ya ngresula. Lha wong pentas drama kon mbayar 4 juta. Kuwe bae kudu urun solar nggo jenset karo nggo sing resik-resik gedong.

Baca Juga: Dua Korban Laka Lantas di Kajen Dievakuasi ke RSUD

Seniman drama duwit sing endi nggo mbayar sewa semono gedene, wong drama sing nonton ora akeh toli isine bocah sekolah gurung bisa luruh duwit. Repan nggadeng sponsor paling urun publikasi. Dadi adol karcis kuwe nggo nutup biaya ngragati seting, kostum, latian karo liya-liyane.

Jare Yu Tati wong Dinas Pendidikan, adong adol karcis kuwe komersil, adong ora komersil sewane gedong mung 2 juta. Omongan komersil kuwe sing ndadegna batir-batir seniman ngresula.

Yu Tati ora salah-salah nemen mung kaku, dumane nang Perda nomer 12 taun 2012 bab Retribusi Jasa Usaha, tulisane sing ngganggo gedong Teater Arena Taman Budaya kudu mbayar dong ora komersil 2 juta, dong kemersil 4 juta. Kuwe gedonge tok, gurung listrike (solar) karo nggo sing resik-resik.

Baca Juga: Arus Mudik Meningkat, Posyan Rest Area 338A Pekalongan Berlakukan Sistem Buka-Tutup Malam Ini

“ Mestine dong nggo maen drama mbuh mbangkanane adol karcis, kuwe ora kepetung komersil dadi sewane 2 juta, ora solar ora resik-resik,” kandane Kang Rudi Iteng Teater Qi. Omongan kuwe diwelehna Kang Rudi wektu bengi-bengi dolan maring umahe Man Damin, karo bocah Teater Gemblong, Faozan Suwage lan Faqih Khoerul.

Krungu kaya kuwe, Man Damin mededeg. “ Pemretah kuwe ukume wajib ngein fasilitas nggo kesenian. Gedong Teater Arena sing manggoni bareng Pusat Promosi dan Informasi Bisnis (PPIB) panggonane nang jalan Kolonel Sugiono kuwe dibutuhna seniman nggo muntahna ekspresi keseniane. Sejatine mbangun gedong Taman Budaya kuwe dudu nggo nganjatna Pedapatan Asli Daerah (PAD), tapiken nggo ngembangna seni – budaya, wujudna kepribaden kota Tegal. Aja kosih seniman pentas kon urun PAD, wong kiprah nang seni bae wis klebon melu mbantu program pemrentah.” Man Damin liren delat olih merceka, sawise nyemol boled ngomong maning.

“ Kyeh Rud, ngonong bae ngesuk nyong maring Dinas Pendidikan dan Kebudayaan marani Yu Tati sing ngurusi Gedong Teater Arena, Pan maring Abid Nasikhi bocah teater RSPD wong megin staf tugase mung njaga gedong Teater Arena dadi ora duwe kuasa nggo semaur apa sing dikarepna kowen.” Bar Man Damin ngomong kuwe, Kang Rudi karo bocah teater Gemblong balik. Man Damin nang kondong ketap-ketep, glebagan ora bisa ngliyep, klosodan pengin age-age esuk.

Sawise karyawan pada apel esuk, Man Damin manjing kantor Disdikbud nemoni Yu Sri Hartati Kepala Seksi Seni dan Budaya. Yu Tati kaget dumadaksara Man Damin teka nang kantore. “ Ana apa kiye Kang, “ Yu Tati takon. Man Damin ora nggo ba bi bu labas ngomong apa sing dikarepna. “ Kyeh Yu Tati, bisane sewa Gedong Teater Arena larang temen, kowen kudu mbedakna karya seni murni karo seni sing bisa didol oh.” “ Kang nyong mung nglakoni apa sing dikarepna Perda nomer 12 taun 2012.” “ Ya ora kaya kuwe oh Yu.” “ Lha nyong kurang apa kang, kae Rudi Iteng tak regani ora komersil dadi sewane mung 2 juta tapiken rong dina bae, lha ka gawe Parade Teater sing Jakarta patang dina, nyong wis goroh maring Perda kyeh, “ kandane Yu Tati.

“ Man Damin gemuyu krungu apa sing domongna Yu Tati. “ Bisane rika gemuyu Kang. “ “ Ya iya yah, wong kowen ngomong mbodoni Perda, ader Perda kuwe menungsa. Ndeleng nyong nyilih Peraturan Walikotane.” “ Nyong ora nyimpen Kang.” “ Lha priben, bisane Perda laka Perwale, “ Man Damin kaget.

Halaman 1 dari 2
Penulis: Redaksi Puskapik Editor: Nia
Bagikan:

Artikel Terkait