Slentheng, Jamus Kalimasada, lan Iqro: Crita Bab Sepine Perpusda

Selasa, 3 Februari 2026 | 12.16
Ki Sengkek Suharno
Ki Sengkek Suharno

Wong-wong luwih seneng nongkrong lan dolan HP, tinimbang mlebu perpustakaan kanggo maca. Sambil nyokot tahu aci, Slentheng nggrundel alus.

Dening: Ki Sengkek Suharno

Pegiat Budaya – Dalang Wayang Kebangsaan, Aktivis Forum Peduli Kebudayaan Kab. Tegal

puskapik.com - Sore kuwe, Slentheng njagong nang pojok alun-alun. Tangane nyekel koran lawas, cangkire isi moci, lan nang ngarepe ana piring gorengan isi tahu aci karo randa kemul.

Angine semribit, swara montor lan mobil sliweran, ning atine Slentheng krasa adem campur miris.

Nang sebrang alun-alun, ana Perpusda ngadeg magrong-magrong. Jenenge katon cetha, ning wong mlebu-metu jarang. Kahanane krasa suwung. Ora kaya gedung liane sing rame, parkiran kebek, wong padha teka lunga.

Baca Juga: Harga Cabai Melonjak Jelang Ramadan, Warga Bumiayu Mulai Mengurangi Belanja

Slentheng mandeng Perpusda kuwe suwe. Ning atine gumun, kok omahe buku malah kalah rame karo mall lan kafe. Wong-wong luwih seneng nongkrong lan dolan HP, tinimbang mlebu perpustakaan kanggo maca.

Sambil nyokot tahu aci, Slentheng nggrundel alus,

“Apa Perpusda iki tenan wis digawé dadi papan sing kepenak kanggo wong maca? Apa Pemda wis tenan-tenan ngopeni, apa mung dijor klowor, digawé ana supaya katon duwe?”

Slentheng banjur kelingan crita wayang bab Serat Jamus Kalimasada. Pusakane Prabu Puntadewa kuwe dudu sembarang pusaka. Dudu mung kanggo gaya-gayaan, ning lambang kawruh lan kabeneran. Jamus Kalimasada kuwe pusaka sing nuntun, dudu nyasarke. Sing dicekel wong sing atine resik lan pikirane bener.

Kanggo Slentheng, buku-buku nang Perpusda kuwe Jamus Kalimasada jaman saiki. Rak buku kuwe pusaka. Kaca-kaca buku kuwe tenaga. Ning yen dijor klowor, kena bledug, ora dirumat, lan ora digatekke, pusaka kuwe suwe-suwe dadi kaya barang ora ana regane. Dudu salah bukune, ning salah sing ngopeni.

Baca Juga: Jelang Ramadhan dan Mudik, Polres Kendal Gencarkan Edukasi Lalu Lintas

Slentheng banjur nyokot randa kemul, ngunyah alon-alon. Pikirane banjur mlaku maring crita gedhe: wahyu pisanan sing mudhun maring Nabi Muhammad SAW. Sing mudhun dudu perintah perang, dudu perintah sugih-sugihan, ning mung siji tembung sing gedhe tenan maknane: Iqro. Wacanen.

Kanggo Slentheng, Iqro kuwe dudu mung maca tulisan. Ning maca urip. Maca kahanan, maca masyarakat, maca sejarah, lan maca tandha-tandhane Gusti Allah SWT. Artine, wong sing ora gelem maca, sejatiné lagi nutup lawang kawruh kanggo awake dhewe.

Halaman 1 dari 2

Artikel Terkait