Slentheng, Jamus Kalimasada, lan Iqro: Crita Bab Sepine Perpusda

Selasa, 3 Februari 2026 | 12.16
Ki Sengkek Suharno
Ki Sengkek Suharno

Wong-wong luwih seneng nongkrong lan dolan HP, tinimbang mlebu perpustakaan kanggo maca. Sambil nyokot tahu aci, Slentheng nggrundel alus.

Slentheng banjur kelingan crita wayang bab Serat Jamus Kalimasada. Pusakane Prabu Puntadewa kuwe dudu sembarang pusaka. Dudu mung kanggo gaya-gayaan, ning lambang kawruh lan kabeneran. Jamus Kalimasada kuwe pusaka sing nuntun, dudu nyasarke. Sing dicekel wong sing atine resik lan pikirane bener.

Kanggo Slentheng, buku-buku nang Perpusda kuwe Jamus Kalimasada jaman saiki. Rak buku kuwe pusaka. Kaca-kaca buku kuwe tenaga. Ning yen dijor klowor, kena bledug, ora dirumat, lan ora digatekke, pusaka kuwe suwe-suwe dadi kaya barang ora ana regane. Dudu salah bukune, ning salah sing ngopeni.

Baca Juga: Jelang Ramadhan dan Mudik, Polres Kendal Gencarkan Edukasi Lalu Lintas

Slentheng banjur nyokot randa kemul, ngunyah alon-alon. Pikirane banjur mlaku maring crita gedhe: wahyu pisanan sing mudhun maring Nabi Muhammad SAW. Sing mudhun dudu perintah perang, dudu perintah sugih-sugihan, ning mung siji tembung sing gedhe tenan maknane: Iqro. Wacanen.

Kanggo Slentheng, Iqro kuwe dudu mung maca tulisan. Ning maca urip. Maca kahanan, maca masyarakat, maca sejarah, lan maca tandha-tandhane Gusti Allah SWT. Artine, wong sing ora gelem maca, sejatiné lagi nutup lawang kawruh kanggo awake dhewe.

Saka Iqro kuwe, lair wong-wong pinter. Ulama, ilmuwan, lan wong-wong sing gawé donya maju. Dadi cetha, maca kuwe dudu mung kebiasaan, ning pondasi peradaban.

Ning saiki, Slentheng mandeng Perpusda sing sepi. Atine krasa ngenes. Perpusda kudune dadi papan kanggo nguripke semangat Iqro. Ning yen fasilitas kurang, buku ora anyar, ruang ora kepenak, lan ora ana kegiyatan sing narik bocah enom, yo aja kaget yen wong males teka.

Slentheng ngombe moci-ne, banjur ngelus dada. Dheweke rumangsa, sepine Perpusda ora bisa dipisahke saka sikape Pemda. Pemda sing duwe kuwasa kudune ora mung mikir bangunan, ning mikir isine. Ora mung mikir gedunge, ning mikir uripe. Ngopeni Perpusda kuwe padha wae karo nandur masa depan.

Nang bayangane Slentheng, Perpusda kudune rame: ana diskusi, bedah buku, nonton film edukatif, ruang bocah, WiFi sing kenceng, lan kursi sing empuk supaya wong betah. Yen perpustakaan digawe urip, wong bakal teka dhewe. Ning yen mung dadi gudang buku, yo tetep bakal kalah karo kafe lan mall.

Baca Juga: Diduga Dikeroyok Geng Motor, Pelajar SMP di Kota Tegal Tewas

Halaman 2 dari 3

Artikel Terkait